tindak kantor menika mapag Mbak Wulan. Abyor nalika semanten ugi mbela Bapakipun, bilih antawisipun Pak Sunar kalihan Mbak Wulan menika nggadahi
raos tresna. Salajengipun beda pemanggih antawisipun Abyor kalihan Yang Tri inggih
menika. “Hus rak saya kurangajar Wurukane sapa kuwi? Wurukane
Dhamarwulan ya? Wong wedok ora kena disabani Ayo kene, lawange bukaen Aku dak metu. Dakcegate montore Sunar Tuman ki”
CC : kaca 310
Nalika semanten Abyor menika bantah ingkang dipunaturaken Yang Tri. Abyor mbela bapakipun nalika Pak Sunar menika badhe mapag Mbak Wulan.
Yang Tri sampun rumaos duka sanget satemah badhe nyegat mobilipun Pak Sunar nalika saking mapag Mbak Wulan. Abyor sampun nyuwun supados Yang Tri
menika boten nekat nyegat mobilipun Pak Sunar. Miturut Yang Tri, Mbak Wulan menika namung ngincer bandhanipun Pak Subnar satemah Yang Tri boten remen
kalihan Mbak Wulan.
t. Sikapipun Yang Tri dhateng Mbak Wulan
Sikapipun Yang Tri ingkang kirang remen kalihan Mbak Wulan menika nyebabaken padudon antawisipun Yang Tri kalihan Pak Sunar. Pethikan data ing
ngandhap menika ingkang negesaken bilih raos boten remenipun kalihan Mbak Wulan ingkang dados pawadan konflik padudon.
“ Mengko yen disrengeni Yang Tri embuh, lo” Mobile metu dienggokake manengen. Yen manengen, kuwi menyang omahe Mbak
Wulan. Yen mangiwa, teras menyang dalan gedhe tumuju kutha lan kantor. CC : kaca 238
Mangertos mobilipun Pak Sunar menika boten enggal-enggal tindak kantor Yang Tri sampun duka lan Yang tri nyegat mobilipun Pak Sunar. Yang Tri
nyegat mobilipun Pak Sunar wonten ing tengah margi satemah menika ugi nganggu margi ingkang rame dipunliwati dening masarakat kompleks. Awit
saking tumindakipun Yang Tri, Pak Sunar medal saking mobil lan mbeta Yang Tri mlebet dalem lan Pak Sunar menika ugi duka kalihan sikapipun Yang Tri
ingkang ngalarani manahipun tiyang sanes inggih menika Mbak Wulan. Amargi Yang Tri menika ugi ngelokaken Mbak Wulan.
Salajengipun taksih babagan Yang Tri boten remen kalihan Mbak Wulan lan nuwuhaken padudon antawisipun Yang tri kalihan Pak Sunar.
Wiwit mobil mandheg, mesin mati, Mbak Wulan wis gugup. Dhisike mung meneng, ngenteni printah utawa saran saka Pak Sunar. Nanging
tingakahe Yang Tri sing mencerengi dheweke, karo nuding-nuding lan swarane kang bantas keprungu cetha nyangkut prekara anggone nunut
ing mobil, Mbak Wulan sakkal pucet, kaget, isin, guouh ora ngreti arep ngapa, kuping rasane peng-pengan, sirah muyer-muyer. CC: kaca 313
Sikapipun Yang Tri ingkang cetha-cetha boten remen kalihan Mbak Wulan. Yang Tri ingkang nekat nyegat mobilipun Pak Sunar lan ngunek-uneken Mbak
Wulan. Mangertos menika Pak Sunar enggal mandhap saking mobil lan mbeta Yang Tri mlebet wonten ing dalem. Mbak Wulan ugi enggal mandhap saking
mobil ananging mlayu wangsul wonten ing pondokanipun kanthi mbrebes mili.
3. Sikap paraga nalika manggihaken konflik sosial wonten ing