Dipuntundhung Sikap paraga nalika manggihaken konflik sosial wonten ing

nerasken wicantenan kalihan Yang Tri babagan piyambakipun kalihan Pak Sunar menika jumbuh kalihan pethikan data ing nginggil menika. Sikap paraga nalika manggihaken konflik dipundukani ingkang pungkasan inggih menika antawisipun Bulik Ratu kalihan Yang Tri. Bulik Ratu ingkang nuduh Bu Woron selingkuh lan boten pitados kalihan andharanipun Pak Sunar ndamel Yang Tri duka kalihan Bulik Ratu satemah piyambakipun dipundukani kalihan Yang Tri. Menika sikapipun nalika Bulik Ratu menika dipundukani dening Yang Tri. Bulik Ratu : Kaget saha pucet Yang Tri : Mendel sababaripun ndukani Bulik Ratu Ing ngandhap menika pethikan datanipun antawisipun Bulik Ratu kalihan Yang Tri. Bulik Ratu, pucet, cep meneng sakal Bingung. CC :kaca 349 Saking pethikan data menika sampun cetha bilih nalika Yang Tri menika ndukani Bulik Ratu. Bulik Ratu menika nembe sepisanan dipundukani kalihan Yang Tri, satemah piyamabakipun kaget nalika Yang Tri ndukani piyambakipun. Bulik Ratu ugi bingung amargi miturutipun Bulik Ratu ingkang ndukani menika sanes Yang Tri ananging Bu Woron.

b. Dipuntundhung

Dipuntundhung menika wujud konflik sosial ingkang wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong. Dipuntundhung menika antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur. Nalika semanten Mbak Jujur dipuntundhung saking dalemipun Pak Sunar kalihan Yang Tri. Menika sikapipun Mbak Jujur kalihan Yang Tri nalika Yang Tri menika nundhung Mbak Jujur. Yang Tri : Ngusir kanthi peksa ananging ing pungkasanipun Yang Tri nyuwun pangapunten dhateng Mbak Jujur Mbak Jujur : Medal saking dalemipun Pak Sunar Ing ngandhap pethikan data saking sikap paraga nalika manggihaken konflik. Abyor njerit nalika ninggalake kamar isih ngonangi Mbak Jujur didugang raine dening Yang Tri nganti nggeblag. Bubar kuwi, Mbak Jujur ilang. Ngilang saka omah kono. Ilang saka pandulune Abyor. ........................................................................... “ Iya, iya, iya Aku sing luput Aku sing luput Apuranen, Jujuur, apuranen Pacen dhek semana panonku mak prepet diwalehi dening Jujur. La ya ibu ngendi ora muntap, ora muring dilapuri yen abdine ngandheg saka polahe putrane? Gek putrane duwe keluwarga dhuwur drajate, jabatane direktur, duwe garwa lagi lara, duwe anak cilik lagi cemlewo lucu. Aku ora bisa nampa plapurane Jujur, dakarani Jujur ora jujur, sing dikandheg mbok menawa wijine wong lanang liya. Sadurunge keprungu sapa-sapa gage wae Jujur daktundhung, dian kuwi uga kudu lunga Lan kahanan kuwi daktutup-tutupi tenan Ora dakakandhakake Woron, ora dakkandhakake Sunar. Dakkira ora ana sing ngerti. Sanajan bareng Jujur wis lunga atiku keranta-ranta, keduwung, ngrasa cotho ora ana Jujur. Oh,Jujur aku ora ngiro babar pisan menawa Ibumu Woron ya wis ngereti prekaramu kuwi ” Sesambetane Yang Tri. CC : kaca 216 lan 403 Miturut pethikan data ing nginggil menika nalika Yang Tri ndawuhi Mbak Jujur kesah saking dalemipun Pak Sunar, Mbak Jujur ndherek menapa ingkang sampun dados printahipun Yang Tri. Sanajan Abyor, wayahipun piyambak nyuwun supados Yang Tri boten nundhung Mbak Jujur tetep kemawon Ynag Tri nundhung Mbak Jujur. Ananging wonten ing kalodangan salajengipun Yang Tri menika nyuwn pangapunten dhateng Mbak Jujur babagan tumindakipun nalika nundhung Mbak Jujur.

c. Tumindak kasar