Konflik Sosial Wonten Ing Karya Sastra

3. Konflik Sosial Wonten Ing Karya Sastra

Webster lumantar Pruitt, 2004: 9 ngandharaken istilah „conflict’ wonten ing basa aslinipun nggadahi pangertosan wontenipun konfrontasi fisik antawisipun saperangan tiyang menapa kelompok. Ananging samenika wonten ewah- ewahanipun bilih konflik menika boten wontenipun kesepakatan babagan kepentingan, ide saha sapanunggalanipun. Miturut Nurgiyantoro 2007: 122 ngandharaken bilih konflik menika kadadean ingkang wigatos amargi menika kangge ngembangaken plot. Konflik menika salah satunggaling cara anggenipun penganggit narik kawigatosanipun pemaos, amargi menika ngandharaken wujud saha wosipun konflik, kadospundi konflik menika dipunandharaken. Kaprigelan penganggit anggenipun ngrantam novel menika kangge narik kawigatosannipun pemaos. Konflik miturut Wellek saha Warren 1989: 285 ngandharaken bilih konflik menika salah satunggaling wujud ingkang „dramatik’ amargi menika tumuju wonten ing pertarungan antawisipun kalih kekiyatan ingkang imbang, saha wontenipun aksi saha piwales. Jumbuh kalihan andharan wonten ing nginggil menika ingkang kawastanan konflik inggih menika nalika satunggal tiyang kalihan sanesipun menika wonten beda pamanggih boten wonten kesepakatan babagan ide, kepentingan saha sanesipun. konflik sosial menika kalebet konflik eksternal amargi menika antawisipun satungga tiyang kalihan sanesipun. Wonten ing novel Clemang- Clemong wontenipun konflik antawisipun Abyor kalihan Eyang Putrinipun. Abyor lare 5 taun ingkang sampun katilar donya kalihan Ibunipun menika badhe pados Ibu malih supados saged ngrencangi Abyor dolanan saha sekolah. Wonten ing novel menika dipuncariyosaken nalika Abyor milih tiyang estri supados dados Ibu tirinipun saha Eyang Putrinipun Abyor ugi pados calon Ibu tirinuipun Abyor saha garwanipun Pak Sunar. Ananging sanajan sami- sami pados Ibu pepenginanipun Abyor saha Eyang Putri menika benten menika ingkang nyebabaken konflik wonten ing cariyos menika. Dipuntambahi saking sipatipun Bulik Ratu ingkang mbujuk- mbujuki Eyang Putri supados njodohaken dhirinipun kalihan Pak Sunar.

4. Paraga Wonten Ing Karya Sastra