Gegayutanipun Antawisipun Wujud Konflik, Pawadan Ingkang

D. Gegayutanipun Antawisipun Wujud Konflik, Pawadan Ingkang

Murugaken Konflik lan Sikap Paraga Nalika Manggihaken Konflik Jumbuh saking pirembagan wonten ing nginggil menika saged dipunpanggihaken bilih antawisipun wujud konflik, pawadan ingkang murugaken konflik saha sikap paraga nalika manggihaken konflik wonten gegayutanipun antawisipun satunggal kalihan satunggalipun. Wontenipun konflik ingkang wonten ing salebeting novel menika amargi sampun tamtu wonten jalaranipun lan saking amargi wontenipun wonten sikap saking paraga nalika piyambakipun manggihaken konflik kasebat. Saking novel Clemang-Clemong menika wujud konflik antawisipun padudon, dipuntundhung, tumindak kasar, ngelokaken, ngapusi, rerasan, perdebatan saha gumedhe. Wontenipun wujud konflik antawisipun paraga satunggal kalihan sanesipun menika dipunsebabaken maneka warni prekawis. Prekawis ingkang murugaken konflik antawisipun Abyor ngrigoni Mbok Jah nalika Mbok Jah nembe nyambut damel, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Nora, Abyor nyuwun supados Mbak Jujur boten dipuntundhung dening Yang Tri. Salajengipun Mbak Jujur boten enggal-enggal kesah saking dalemipun Pak Sunar, Mbok Jah menika boten tumindak adil tumrap Abyor lan Yang Tri. Salajengipun pawadan ingkang murugaken konflik babagan Mbok Jah menika ajrih kalihan tiyang seda, Abyor kekathahan cariyos kalihan Mbak Nora, sikap kirang sopanipun Abyor dhateng Yang Tri, sikapipun Bulik Ratu tumrap Pak Sunar. Abyor nyuwun tilem wonten ing kamaripun Bu Woron, sikapipun Abyor nalika trebela dipunangkat, Abyor boten enggal-enggal brobosan, Bulik Ratu boten pitados kalihan andharanipun Pak Sunar. Salajengipun inggih menika beda pemanggih antawisipun Yang Tri, Abyor lan Pak Sunar, Bulik Ratu cemburu, kepengin mangertosi babagan Mbak Jujur, Yang Tri boten remen kalihan Mbak Wulan, Abyor boten mirengaken ngendikanipun Yang Tri. Abyor menika criwis dhateng Bulik Ratu, Abyor nyelani gunemanipun Bulik Ratu, Bulik Ratu ngelokaken kisahipun Pak Sunar kalihan Bu Woron, Bulik Ratu nuduh Bu Woron menika selingkuh lan ingkang pungkasan Bulik Ratu boten sopan nalika wonten ing taman. Sesampunipun pawadan ingkang murugaken konflik, lajeng wonten sikap paraga nalika manggihaken konflik menika beda-beda. Menika jumbuh kalihan prekawis-prekawis ingkang dados konflik wonten ing salebeting cariyos. Wonten ing ngandhap menika sikap paraga nalika manggihaken konflik jumbuh kalihan konflik ingkang wonten. Sikap paraga nalika mangihaken konflik wonten ing novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Brata antawisipun Abyor teras kemawon anggenipun ngrigoni Mbok Jah, Ndukani Abyor, Ndukani Mbak Jujur, Abyor medal saking kamaripun Mbak Jujur. Salajengipun Abyor kelaran, Mbok Jah njiwiti Abyor, Abyor kesah amargi kemutan badhe nyaosi pirsa Yang Tri babagan Bu Woron. Sikapipun salajengipun Yang Tri ngrebut tilpun saking Abyor, Abyor mendel saha mandap saking kursi, manut dhawuhipun Yang Tri, Bulik Ratu nglajengaken anggenipun guneman kalihan Yang Tri. Abyor nunggoni anggenipun Yang Tri tilpunan kalihan Bulik Ratu, Yang Tri kalihan Abyor sami debat ingkang boten wonten pucukipun. Yang Tri ndukani Pak Sunar, Yang Tri ndukani Bulik Ratu, Bulik Ratu kaget nalika dipundukani Yang Tri. Mbak Jujur kesah saking dalemipun Pak Sunar, Abyor medal saking kamaripun Mbak Jujur, Yang Tri tetep kemawon ngelokaken dhateng Mbak Nora, Abyor teras kemawon anggenipun ngapusi Mbok Jah. Para tamu sami padha kemit, para tamu gumun kalihan Abyor, Pak Sunar nekat anggenipun sesambetan kalihan Mbak Wulan, Yang Tri dirangkul saha dipunmlebet dhateng dalem, Abyor ngetutaken Mbak Wulan wangsul dhateng pondokanipun. Salajengipun sikap paraga inggih menika mendel kemawon nalika dipundukani, mencerengi Mbak Wulan saking tebih, nekat kemawon mapag Mbak Wulan, ngalah lajeng tindak kantor, mangertosi Pak Sunar dhateng kantor anggenipun muring-muring lerem, dipunbebasaken lan kesah saking Popoh, ngalah lan ingkang pungkasan inggih menika nyuwun pangapunten. 109

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedasar saking panaliten saha Pirembagan tumrap novel Clemang- Ceomong anggitanipun Suparto Brata, pramila saged dipunpendhet dhudhutanipun wonten ing ngandhap menika.

1. Wujud konflik sosial wonten ing novel

Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Brata. Jumbuh kalihan panaliten ingkang sampun katindakaken bilih wujud konflik wonten ing novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Brata inggih menika padudon, dipuntundhung, tumindak kasar, ngelokaken, ngapusi, rerasan, perdebatan saha gumedhe.

2. Pawadan ingkang murugaken konflik wonten ing novel Clemang-

Clemong anggitanipun Suparto Brata Pawadan ingkang murugaken konflik wonten ing novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Brata jumbuh kalihan panaliten inggih menika Abyor ngrigoni Mbok Jah nalika Mbok Jah nembe nyambut damel, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur, salah penampi antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Nora, Abyor nyuwun supados Mbak Jujur boten dipuntundhung dening Yang Tri. Salajengipun Mbak Jujur boten enggal-enggal kesah saking dalemipun Pak Sunar, Mbok Jah menika boten tumindak adil tumrap Abyor lan Yang Tri.