alit  ingkang  taksih  polos  satemah  dereng  saged  mangertos  babagan  unggah- ungguh majikan kalihan rewang.
Nalika  Abyor  menika  dipundukani  Mbok  Jah,  kepara  malah  Abyor ngelokake Mbok Jah. Menika jumbuh kalihan pethikan data wonten ing ngandhap
menika. Iki ora adil Yen Yang Tri sing liwat dienengke wae. Mula Abyor, kanggo
males  ora  adile,  anggone  mlaku  gegancangan  ngetutkake  Yang  Tri  ora gelem  nyisih  kaya  Yang  Tri.  Teras  kenceng  wae,  pas  nabrak  Mbok  Jah
sing  lagi  mbrangkang  ngalangi  dalan.  Cemplo,  bali  meneh  Abyor nyengklak gegere Mbok Jah.
“ Hikiik Jeng Abyor rak mesthi Rumangasane aku ki apa?” “ Mbok Jah- Mbok Jah , kowe dak kandhani Jaaah Mata siput, irung,
kuping gedhe, jiwitanmu ora lara ki Jaah”
“Dhasar  mbeling  Cah  wedok  kok  tingkahe  kaya  Baru  Klinthing Kedandapan”  CC : kaca 229
Amargi  sikapipun  Mbok  Jah  ingkang  kurang  adil  tumrap  Abyor  lan  Yang
Tri  nalika  liwat  wonten  ing  papan  ing  nembe  dipunpel,  Abyor  ngelokake  Mbok Jah.  Abyor  menika  lare  alit  ingkang  pinter,  menika  saged  katingal  nalika  Mbok
Jah  menika  mbedaaken  antawisipun  Yang  Tri  kalihan  Abyor.  Sebab  menika ingkang njalari Abyor ngelokaken Mbok Jah sami kalihan yen ngundang gajah.
e. Abyor menika kekathan cariyos kalihan sekretarisipun Pak Sunar
Nalika  semanten  Abyor  dipundhawuhi  Yang  Tri  supados  tilpun  bapakipun ngaturi pirsa bilih Ibunipun sampun seda. Ananging nalika tilpun kasambung lan
dipunangkat  kalihan  sekretarisipun  Pak  Sunar,  Mbak  Nora,  Abyor  kesupen tujuanipun  tilpun  kepara  malah  cariyos  kathah  kalihan  Mbak  Nora.  Menika
ingkang  ndadosaken  Yang  Tri  duka  satemah  ndukani  Abyor  babagan  Abyor kekathahan  cariyos  kalih  Mbak  Nora.  Menika  jumbuh  kalihan  pethikan  data  ing
ngandhap menika.
“ Jare Bapak, mbak Nora ki pegawene Bapak ing kantor sing ayu dhewe.” “ iya? Bapak ngendika ngono? Ngendika yen Mbak Nora ki ayu?”
“Iyaa. Sumpah1 jare kaya Maria Mercedes.” “Maria sapa?”
“  Maria  Mercedes  telenovela  sing  disenengi  Mbak  Jujur  karo  ibukku. Uga Misni.”  CC : kaca 238
Pethikan data menika negesaken bilih Abyor menika malah cariyos babagan
Mbak  Nora,  menika  ndamel  Yang  Tri  duka  amargi  wonten  ing  kawontenan menika  langkung  wigati.  Wekdal  menika  boten  tilpun  kangge  dolanan  ananging
badhe  ngabari  warta  ingkang  wigati.  Anggenipun  Abyor  cariyos  menika  ndamel Abyor  kesupen  bilih  dipundawuhi  matur  dhateng  Bapakipun  bilih  Ibu  sampuun
seda.
f. Abyor kirang sopan dhateng Yang Tri
Tumindaknipun  Abyor  ingkang  kurang  sopan  kalihan  Yang  Tri  menika nalika  Abyor  ingkang  mapan  wonten  celakipun  Yang  Tri  malah  ngentut.  Nalika
kahanan nembe ribet lan kemrungsung malah Abyor ngentut menika ndamel Yang Tri ndukani Abyor. Menika ing ngandhap pethikan data ingkang negesaken bilih
Abyor dipundukani kalihan Yang Tri amargi piyamabakipun ngentut. “ La apa jenenge, Yang Tri geger apa jenenge...” saute Abyor. Preett.
CC : kaca 243 Kawontenan menika nalika Bu Woron nembe kemawon tilar donya, lajeng
kulawarga  menika  sami  geger.  Pak  Sunar  minangka  garwanipun  Bu  Woron nembe  tindak  kantor  badhe  dipunkabari  ananging  bingung  badhe  kados  pundi.
Yang  Tri    menika  boten  saged  ngginaaken  tilpun  ,  boten  mangertos  yen  Abyor menika  sanajan  lare  alit  ananging  saged  sekedhik-sekedhik  ngginaaken  tilpun.
Nalika nembe geger badhe kadospundi kepara malah Abyor ngentut ingkang sora, menika ndamel Yang Tri duka sateamh ndukani Abyor.
g. Abyor boten mirengaken ngendhikanipun Yang Tri