Tumindak kasar Sikap paraga nalika manggihaken konflik sosial wonten ing

c. Tumindak kasar

Tumindak kasar menika antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur lan Mbok Jah kalihan Abyor. Ingkang sepisanan antawisipun Yang Tri kalihan Mbak Jujur. Mbak Jujur ingkang dipundawuhi kesah saking dalemipun Pak Sunar boten enggal-enggal kesah satemah Yang Tri duka lajeng menika ndugang rainipun Mbak Jujur. Anggenipun Yang Tri ndugang trainipun Mbak Jujur menika wonten Abyor. Abyor ingkang nggondeli Mbak Jujur suapdos boten kesah. Sikapipun Mbak Jujur kalihan Yang Tri saha Abyor babagan prekawis inggih menika . Yang Tri : Tetep nundhung Mbak Jujur lan nyuwun pangapura Mbak Jujur : Medal saking dalemipun Pak Sunar Ing ngandhap menika pethikan data ingkang jumbuh kalihan sikap-sikap ingkang wonten ing nginggil menika. Abyor wedi banget. Ngoplok. Mlayu metu saka kamar, nuruti pakone Mbak Jujur. Sajane emoh, ning wedi karo Yang Tri. Abyor njerit nalika ninggalake kamar isih ngonangi Mbak Jujur didugang raine karo Yang Tri nganti nggeblag. Bubar kuwi, Mbak Jujur ilang. Ngilang saka omah kono. Ilang saka pandulune Abyor. ...................................................................... “ Iya, iya, iya Aku sing luput Aku sing luput Apuranen, Jujuur, apuranen Pacen dhek semana panonku mak prepet diwalehi dening Jujur. La ya ibu ngendi ora muntap, ora muring dilapuri yen abdine ngandheg saka polahe putrane? Gek putrane duwe keluwarga dhuwur drajate, jabatane direktur, duwe garwa lagi lara, duwe anak cilik lagi cemlewo lucu. Aku ora bisa nampa plapurane Jujur, dakarani Jujur ora jujur, sing dikandheg mbok menawa wijine wong lanang liya. Sadurunge keprungu sapa-sapa gage wae Jujur daktundhung, dian kuwi uga kudu lunga Lan kahanan kuwi daktutup-tutupi tenan Ora dakakandhakake Woron, ora dakkandhakake Sunar. Dakkira ora ana sing ngerti. Sanajan bareng Jujur wis lunga atiku keranta-ranta, keduwung, ngrasa cotho ora ana Jujur. Oh,Jujur aku ora ngiro babar pisan menawa Ibumu Woron ya wis ngereti prekaramu kuwi ” Sesambetane Yang Tri.CC : kaca 216 lan 403 Jumbuh kalihan pethikan ing nginggil menika nalika Yang Tri duka lan badhe nundhung Mbak Jujur menika Abyor ingkang tansah nyuwun supados Yang Tri boten nundhung Mbak Jujur boten dipungatosaken. Amargi nalika semanten Yang Tri duka sanget satemah Abyor banjur medal saking kamaripun Mbak Jujur, amargi Abyor ugi ajrih kalihan Yang Tri. Mbak Jujur bareng mangertos bilih Abyor sampun medal ugi ndherek medal ananging Mbak Jujur menika medal saking dalemipun Pak Sunar. Yang Tri tetep kemawon nundhung Mbak Jujur ananging wonten ing kalodangan salajengipun Yang Tri menika nyuwun pangapunten dhateng Mbak Jujur babagan tumin dakipun ingkang kapungkur. Salajengipun antawiwipun Yang Tri kalihan Abyor. Sikapipun Yang Tri kalihan Abyor, nalika Abyor mbrakot Yang Tri wonten ing ngandhap menika. Yang Tri : Tetep nundhung Mbak Jujur kesah saking dalemipun Pak Sunar Abyor : Medal saking kamaripun Mbak Jujur. Sikap wonten ing nginggil menika jumbuh kalihan data woten ing ngandhap menika Abyor wedi banget. Ngoplok. Mlayu metu saka kamar, nuruti pakone Mbak Jujur. Sajane emoh, ning wedi karo Yang Tri. Abyor njerit nalika ninggalake kamar isih ngonangi Mbak Jujur didugang raine karo Yang Tri nganti nggeblag. Bubar kuwi, Mbak Jujur ilang. Ngilang saka omah kono. Ilang saka pandulune Abyor. CC : kaca 216 Ingkang pungkasan inggih menika antawisipun Mbok Jah kalihan Abyor. Sikapipun Abyor nalika dipunjiiwit kalihan Mbok Jah inggih menika. Abyor : Pringisan, kelaran Mbok Jah : Njiwit Abyor Sikap menika jumbuh kalihan pethikan data wonten ing ngandhap menika. Abyor pringisan. Kelaran. Jiwitane Mbok Jah pancen laruuaa kae. Nanging Abyor wis imun. Angger-angger wis mesthi ngono. Biyasa . Mbok Jah CC : kaca 227 Abyor nalika dipunjiwit Mbok Jah amargi Mbok Jah ingkang nembe ngepel menika kepara malah dipuntubruk Abyor. Satemah babagan menika Mbok Jah lajeng njiiwti Abyor. Abyor menika sampun asring dipunjiwiti dening Mbok Jah, sanajan sampun asring dipunjiwiri Mbok Jah Abyor tetep ngraos lara, amargi jiwitanipun Mbok Jah menika sakit sanget miturut Abyor.

d. Ngelokaken