Yang Tri salah pinampi dhateng Mbak Nora Mbok Jah ajrih kalihan tiyang seda

lunga Lan kahanan kuwi daktutup-tutupi tenan Ora dakakandhakake Woron, ora dakkandhakake Sunar. Dakkira ora ana sing ngerti. Sanajan bareng Jujur wis lunga atiku keranta-ranta, keduwung, ngrasa cotho ora ana Jujur. Oh,Jujur aku ora ngiro babar pisan menawa Ibumu Woron ya wis ngereti prekaramu kuwi ” Sesambetane Yang Tri. CC : kaca 403 Sampun limrahipun yen Yang Tri minangka tiyang sepuhipun Pak Sunar duka nalika rewangipun matur yen piyambakipun ngandhut putra saking majikanipun piyambak. Yang Tri nundhung Mbak Jujur menika ugi kangge boten damel kisruh wonten ing kulawarganipun Pak Sunar kalihan Bu Woron. Yang tri dereng mangertos bilih Bu Woron minangka garwanipun Pak Sunar sampun mangertos babagan Mbak Jujur ingkang ngandhut putranipun Pak Sunar. Sesambetanipun Pak Sunar kalihan Mbak Jujur menika ugi sampun pikanthuk idin saking Bu Woron, amargi Bu Woron minangka garwanipun Pak Sunar menika boten saged nindakaken kewajibanipun dados garwa amargi piyamabakipun nembe gerah. Satemah Pak Sunar dipundawuhi sesambetan kalihan Mbak Jujur.

p. Yang Tri salah pinampi dhateng Mbak Nora

Mbak Nora minangka sekretarispun Pak Sunar nalika dipuntilpun Yang Tri malah matur ingkang nguyawara amargi saderengipun Abyor ngendika dhateng Mbak Nora bilih Pak Sunar nalika asring cariyos piyambakipun ing sangajengipun Bu Woron. Nalika Yang Tri nyuwun tilpunipun dipunkinten Mbak Nora bilih Yang Tri menika garwanipun Pak Sunar. Yang Tri ingkang saderengipun boten ngertos babagan menapa-menapa malah Mbak Nora cariyos ingkang warni-warni satemah ndamel Yang Tri boten remen kalihan Mbak Nora, amargi miturut Yang Tri Mbak Nora menika boten sopan. Ing ngandhap menika pethikan data ingkang jumbuh kalihan pawadan menika. “ Lo Bu Sampun salah penampi Kula menika sekretarisipun Bab urusan kantor kekesahan sareng, urusan wonten restoran utawa hotel sesarengan ngrembag bis nis menika salimrah ....” CC : kaca 240 Sejatosipun Yang Tri menika namung badhe nitip weling dhateng Pak Sunar bilih garwanipun Bu Woron menika sampun tilar donya. Ananging malah Mbak Nora menika kekathahen mangsuli menapa ingkang dipunaturaken kalihan Yang Tri. Amargi tumindakipun Mbak Nora ingkang kekathahan mangsuli ingkang kirang jumbuh kalihan menapa ingkang dipunaturaken kalihan Yang tri ndadosaken Yang Tri ngelokaken Mbak Nora.

q. Mbok Jah ajrih kalihan tiyang seda

Pawadan ingkang muruagaken Abyor ngapusi dhateng tiyang sepuh menika nalika bilih Mbok Jah menika ajrih babagan tiyang seda sanajan Mbok Jah menika sampun sepuh. Ing ngandhap menika pethikan data ingkang jumbuh kalihan pawadan menika. Ngreti yen Mbok Jah wedi, Abyor nambahi omong, “ O, iya Ibu mau meling dhateng Mbok Jah” CC : kaca 231 Pethikan ing nginggil menika ingkang njalari Abyor ngapusi dhateng tiyang sepuh. Nalika Abyor mangertos bilih Mbok Jah menika ajrih kalihan tiyang seda, Abyor malah nggodha lan ngapusi Mbok Jah. Mbok Jah ingkang ajrih menika namung pitados ingkang dipunandharaken dening Abyor.

r. Beda pemanggihipun antawisipun Yang Tri kalihan Pak Sunar