Underaning Prekawis Watesan Prekawis Wosing Prekawis Ancasing Panaliten

B. Underaning Prekawis

Jumbuh saking andharan wonten ing nginggil menika, saged dipunpendhet underaning prekawisipun : 1. Konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto 2. Wujud konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto 3. Ingkang dados sebab wontenipun konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto 4. Sikapipun paraga utama nalika manggihaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto 5. Caranipun ngudhari konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto.

C. Watesan Prekawis

Wonten ing panaliten menika, prekawisipun dipunwatesi dados 1. Wujud konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto 2. Pawadan ingkang ndadosaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto 3. Sikap paraga utama nalika manggihaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto.

D. Wosing Prekawis

Jumbuh kalihan watesan prekawis wonten ing nginggil menika, wosiipun prekawis inggih menika : 1. Kadospundi wujud konflik sosial ingkag wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto? 2. Pawadan menapa ingkang murugaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto? 3. Kadospundi sikap nalika manggihaken konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto?

E. Ancasing Panaliten

Ancasing saking panaliten menika inggih menika : 1. Manggihaken menapa kemawon konflik sosial ingkang wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto. 2. Manggihaken menapa kemawon faktor ingkang dados sebabipun wonten konflik sosial wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong anggitanipun Suparto Broto. 3. Mangertosi sikap tokoh wonten ing salebeting novel Clemang- Clemong anggitanipun Suparto Broto nalika ngadepi konflik sosial.

F. Paedah Panaliten