Tumindakipun Bulik Ratu ingkang boten sopan nalika wonten Bulik Ratu alok babagan kisahipun Pak Sunar kalihan Bu Woron

“ Budhe, budhe, budhe Mbak Woron kuwi ya durung karuwan suci tenan lo Dakkira dheweke ya nylingkuhake dhuwit, nylingkuhake bandha. Aku kok isih ra percaya, kwitansi apa resi penggiriman dhuwit selawe yuta menyang BRI ngunut kae jare bisnise Mas Sunar. Wong bisnis kantor kok kwitansine sing nyimpen Mbak Woron. Paling-paling kuwi bisnise Mbak Woron, bisnis selingkuh an.” CC : kaca 348 Saking pethikan data wonten ing nginggil menika Yang Tri duka awit saking pemanggihipun Bulik Ratu ingkang nuudh yen Bu Woron menika selingkuh. Ingkang dipunandharaken Bulik Ratu menika boten wonten buktinipun bilih Bu Woron menika selingkuh. Pak Sunar minangka garwanipun Bu Woron ugi pirsa babagan kuitansi menika. Satemah Yang Tri duka kalihan Bulik Ratu lan pepenginanipun ndadosaken Bulik Ratu dados mantunipun ugi dados boten manteb awit saking sikapipun Bulik Ratu ingkang remen nyanpuri ingkang dados preakwisipun tiyang sanes lan boten pitados kalihan andharanipun Pak Sunar.

l. Tumindakipun Bulik Ratu ingkang boten sopan nalika wonten

taman Nalika kulawarganipun Pak Sunar nembe piknik wonten pante Popoh, Bulik Ratu kalihan Abyor menika dhateng taman ingkang wonten ing sekitar pante. Nalika semanten Bulik Ratu bibar renang, Abyor nyuwun dhateng taman ing sekitar. Lajeng Bulik Ratu kalihan Abyor menika sami dhateng taman, wonten ing taman menika wonten aturan bilih ingkang mlebet ing taman menika boten pikantuk yen namung ngginaaken swim-suit. Bulik Ratu menika boten mirsani yen wonten peraturan menika. Nalika nembe dolanan wonten taman, hansip ingkang jaga taman menika sami marani Bulik Ratu satemah Bulik Ratu menika dipunbeta dhateng kantor. Bulik Ratu menika ngraos boten lepat amargi menika papan ingkang umum. Ananging kangge hansip ingkang jaga wonten namung nindakaken tugasipun. “ Bu sugeng enjang. Nuwun sewu Bu. Panjenengan ora oleh dolanan ana ing kene.” Sing jaga lawang kolam langen langsung ngelokake. Sanajan rembuge basa alus, nanging carane nyapa wis ketara yen ora seneng, mrengut ora ngajeni. “ Lo kena apa? Iki rak panggonan umum? Panggoanane wong piknik. Aku ya piknik. La kuwi, wong-wong kuwi ya padha neng kene. Apa bedane?” “Yen nganggo klambi nglangi ngono kudu nengnjero kupeng temboke kolam nglangi kana Bu.” Omonge wis mbalik dadi kasar. CC : kaca 383 Bulik Ratu ingkang sampun lepat ananging boten enggal-enggal nyuwun ngapura dhateng petugas hansipipun ananging kepara malah debat kalihan hansipipun. Satemah wontenipun padudon antawisipun Bulik Ratu kalihan Hansip. Bulik Ratu ugi dipunbeta dhateng pos hansip ing celak taman menika.

m. Bulik Ratu alok babagan kisahipun Pak Sunar kalihan Bu Woron

nalika taksih enem Nalika kalihan Yang Tri, Bulik Ratu menika nyuwun pirsa babagan kisahipun Pak Sunar kalihan Bu Woron nalika taksih enem. Banjur mangertos bilih Pak Sunar kalihan Bu Woron menika kepanggih nalika acara piknik Bulik Ratu malah ngelokaken yen menika kayata roman picisan. Kepanggih nalika piknik. Bulik Ratu ugi nambahi bilih priya kayata Pak Sunar menika kedahipun pikanthuk garwa ingkang pinter ingkang lulusan sarjana kayata piyambakipun Bulik Ratu. Ingkang dipunandharaken Bulik Ratu dados pawadan sikap sombong ingkang wonten ing salebeting novel Clemang-Clemong. “ Wektu piknik? Hi-hi-hii La kok kaya crita murahan, ta Budhe? Roman picisan Ketemu jodho wektu numpak bis malem, lungguh jejer Ketemu jodho, nalika bareng-bareng nekani pesta ulang tahun kanca Kuwi genah jodoh keplecuk Ora dirancang saka atine, ora tumus saka angen-angene. Wejangan wong tuwa disepeleke. Mesthi dudu pilihane Budhe rak iya ta? Pilihan awur-awuran Merga yen nggugu karepe wong tuwa, wong nggantheng sugih kaya Mas Sunar, mesthi dijodohake karo prawan anake priyayi, putra-putrine wong pangkat. Iya,ta? Ora kaya anake wong Mojokerto” CC : kaca 347 Saking andharan wonten ing nginggil cetha bilih Bulik Ratu menika sombong babagan piyambakipun lan remen ngelokaken pribadhi tiyang sanes. Bulik Ratu minangka wanita ingkang terhormat lan sejajar pramila dipunsandingaken kalihan Pak Sunar menika cocok. Satemah wujud konflik sosial ingkang salajengipun inggih menika sombong saking Bulik Ratu.

n. Sikapipun Mbak Jujur