Tumpeng Makna Simbolik Sajen

72 “Tigan kuwi pratandha wiwitaning gesang dadi tegese supaya eling karo asale.”CLW 08 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “telur untuk mengingat awal mula hidup. Cikal bakal kehidupan”CLW 09 “tigan menika kangge ngemutaken wiwitaning gesang. Cikal bakal gesang ”CLW 09 Saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan bilih tigan ayam godhog menika pralambang wiwitaning gesang supados saged sae anggenipun miwiti gesang.

5. Jenang-jenangan

Jenang ingkang dipunginakaken menika wonten werni 4; jenang pethak, lan jenang abrit, jenang blowok, jenang baro-baro. Jenang pethak kadamel saking uwos dipuncampur santen, sarem lan ron salam. Jenang abrit kadamel saking uwos dipuncampur santen, sarem lan ron salam lajeng dipuncampur gendhis Jawi. Jenang blowok kadamel saking jenang putih ingkang dipunsukani gendhis Jawi ing nginggilipun. Jenang blowok dipundamel saking jenang putih ingkang dipunparingi irisan gendhis jawi ing nginggilipun. Wondene jenang baro-baro kadamel saking jenang putih lajeng ing nginggilipun dipunsukani klapa parut kaliyan gendhis Jawi. Saben-saben jenang menika wonten tegesipun piyambak-piyambak. Miturut Jandra 1989 1990: 50 jenang abrit ibu, jenang pethak bapak, jenang baro-baro campuran abrit lan pethak. Jenang menika ateges supados mangertos asal usulipun dumadi bilih kita asalipun saking campuran antawisipun abrit lan 73 pethak. Miturut Giri 2010: 31 jenang putih lambang bibit saking bapak sperma darah putih, jenang abang lambang bibit saking ibu darah merah. Jenang abrit menika ateges manah ingkang kiyat utawa kangge lambang ibu. Jenang pethak ateges manah ingkang suci utawa kangge lambang bapak. Jenang blowok pralambang sesambetan ibu kaliyan bapak. Jenang baro-baro dados lambang lairipun putra saking bapak lan ibu. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “Jenang abang iku manah ingkang kiyat utawa kango lambang ibu. Jenang putih kuwi manah ingkang suci utawa kanggo lambang bapak.”CLW 08 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “Jenang merah lambang ibu, jenang putih lambang bapak, blowok terjadi hubungan ibu dan bapak, baro-baro lahirnya anak. Kalau digabungkan menggambarkan asal-usul manusia .”CLW 09 “Jenang abang simbol ibu, jenang putih simbol bapak, blowok wonten sesambetan ibu kaliyan bapak, baro-baro lahiripun anak. menawi dipungabung nggambaraken asal-usul manungsa. ”CLW 09 Saking pamangih-pamanggih ingkang sampun kaandharaken saged dipunpendhet dudutan bilih jenang menika dados simbol asalipun manungsa saking bapak lan ibu.

6. Jajan pasar

Jajan pasar menika jajanan ingkang wonten ing pasar. Ing pasar menika panganan sedayanipun wonten utawi pepak. Bratasiswara 2000:257 ngandharaken bilih pasar menika wujud alitipun saking kempalan sedaya kabetahan manungsa ingkang manunggal. Jajan pasar menika ateges supados ing