Paedah Religi Paedah Upacara Bancakan Weton

78 Wonten ing lampahing adicara ngedum bancakan menika saged dados sarana ngrumaketaken sesambetan antawisipun warga setunggal kaliyan sanesipun supados saged rukun. Menika nedahaken bilih warga ing Desa Trirenggo menika sami rukun lan sesambetan antawisipun warga setunggal kaliyan sanesipun sae boten wonten ingkang mbedakaken miturut status sosial lan ekonomi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03. “Ya didhudhah ro didum sithik-sithik ro kiwa tengen kene.”CLW 03 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “Ora ana aturane le ngedum, didum rata nehke kiwa tengen kene wae..”CLW 04 Miturut andharan ingkang sampun kababar ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih upacara tradhisi bancakan weton menika gadhah Paedah sosial. Paedah sosial saged dipuntingali nalika nindakaken cecawis upacara tradhisi bancakan weton wonten gotong-royong damel sajen lan wonten ing lampahing adicara wonten ngedum bancakan ingkang saged dados sarana ngrumaketaken pasedherekan lan karukunan antawisipun warga setunggal lan sanesipun.

3. Paedah Pelestari Tradhisi

Upacara tradhisi bancakan weton minangka salah satunggaling upacara ingkang sampun turun-tumurun dipunadani dening warga masarakat Desa Trirenggo. Paedah kabudayan menika gayutanipun kaliyan njagi supados tradhisi 79 ingkang sampun turun menurun menika saged lestantun lan dipuntindakaken warga masarakat. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03. “Ya naluri nek wong Jawa dadi efeke ana nguri-uri tradhisi”CLW 03 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Kagem pangeling-eling dinten kalahiran, nguri-uri kabudayan, raos sukur marang Gusti .”CLW 08 Miturut andharan ing nginggil menika saged dipunmangertosi upacara tradhisi bancakan weton gadhah paedah pelestari kabudayan menika kanthi ngadani upacara bancakan weton dados salah satunggaling sarana supados tradhisi kabudayan boten tumpes lan saged lestantun.

4. Paedah Sarana Shodaqoh

Upacara bancakan weton gadhah paedah sarana shodaqoh. Shodaqoh kalebet ing piwulang agama. Paedah kasebat saged dipuntingali wonten ing lampahing adicara ngedum bancakan. Wonten ing ngedum bancakan menika tangga teparo dipunparingi bancakan ingkang awujud dhaharan lan menika dipunparingaken kanthi gratis. Menika salah satunggaling sarana sodhakoh kaliyan sedherek-sedharek ing sakiwa tengenipun. Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Iya kan sing jenenge among-among kuwi tembunge nyodakohi sing momong saka tahap wong tua, simbah. Lha sing ngemong ki Gusti Allah. Njur doa kuwi nek arep majas nggo shodaqoh ngenei tangga teparo. Ora wajib ning kanggone wong manah ya dilakoni.”CLW 08