Jajan pasar Makna Simbolik Sajen

75 tembung pamomong, dados sekar among ateges supados pamomongipun anggenipun momong saged sae. Andharan menika jumbuh kaliyan informan 01 “...kembang rak sedhep wangi ya ben le nglakoni urip iso tumindak sing apik-apik kuwi gawe arum jenenge wong tuwa ..” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 lan informan 08. “Kembang among kuwi rak wangi ta dadi gayutane karo pamomonge kuwi supaya bisa apik le momong bocah ben tumindakke kuwi apik ngarumake kulawargane.”CLW 06 “Kembang among kuwi ambune arum dadi tegese supaya urip kanthi tumekar ganda arum lelaku becik.”CLW 08 Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun kababar saged dipunpendhet dudutan bilih sekar among ateges pamomongipun saged sae momong saengga anggenipun nglampahi gesang saged ngarumaken kulawarga.

8. Wajib

Wajib menika wujudipun arta lan dipunginakaken kangge njangkepi sajen. Arta miturut Jandra 1989: 102 ateges infaq utawi shodaqoh dhumateng sesami manungsa. Arta dipunwastani wajib amargi tegesipun dipuntingali saking tembung “wajib” ingkang ateges bibar dipunpasrahaken arta menika wajib dipuncaosaken ingkang masrahaken. Ingkang masrahaken menika pemimpin desa utawi dipunwastani Mbah Kaum, dados arta wajib menika dipuncaosaken Mbah Kaum kangge shodaqoh. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04. 76 “Nek selapanan nganggo wajib wong dikekke mbah kaum, nek ngne ki ora nok nek nganggo ya kena mung sak nduwene. Nek karo mbah kaum selapanan ge dhen wajibe nehke mbah kaum.”CLW 04 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06. “Jenenge wae wajib kuwi sing dikarepke kudu utawi harus, dhuwit kuwi mau rak bar dipasrahke njur wajib dipek mbah Kaum mulakna jenenge wajib. Wajib kuwi karo nggo shodaqoh ben apa sing diarep-arep isa kalaksanan.”CLW 06 Saking andharan kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih arta wajib menika wajib dipuncaosaken Mbah Kaum kangge sarana shodaqoh dhumateng sesami manungsa.

D. Paedah Upacara Bancakan Weton

1. Paedah Religi

Paedah religi menika mujudaken Paedah upacara bancakan weton ingkang wonten gayutanipun kaliyan agami ingkang dipunpidadosi. Paedah religi upacara bancakan weton menika kangge sarana atur panyuwunan manungsa supados Gusti Allah kersa njagi utawi momong putra-putranipun. Panyuwunan menika dipunaturaken lumantar donga-donga utawi tuntunan ing agami ingkang dipunrasuk. Upacara tradhisi bancakan weton menika minangka sarana ngaturakan pangajab supados putranipun kaparingan kawilujengan, gampil anggenipun ngupados rejeki lan saged ugi dipuntambah panyuwunan pribadhi. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 3. “Alfatekah pake surat pendek kuwi dongane pokok trus ditambah panjaluke apa pengin dadi dokter pa apa. Tiap netu kata-katane ora isa plek .”CLW 03