Kependudukan Para Paraga Upacara Bancakan Weton

32 lan masarakatipun wonten ing panggesangan tasih pitados lan nglampahi upacara- upacara tradhisi saking leluhuripun. Awit saking menika lampahing upacara tradhisi bancakan weton menika dipunjumbuhaken kaliyan tuntunan agami, dados donga-donga ingkang dipunginakaken kangge masrahaken menika miturut tuntunan agami ingkang dipunrasuk. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 07. “Nek cara Katholik kuwi tilekana neng Kidung Adi kae ana jur mung ditambah rama kawula... .”CLW 07 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “...Dadi pertama Alfatekah, Astagfirulah trus Sholawat pungkasan maca keEsaan Allah trus liyane tambahan donga sing isinine pinyuwunan dienggo kaslametan, kamulyan, pangreksa, lan kasarasan sing dibancaki lan kabeh kulawarga.”CLW 08

c. Tataran Pendidikan

Kapitadosan masarakat Desa Trirenggo kaliyan tradhisi tasih kiyat. Andharan menika dipunsengkuyung kaliyan tingkat pendidikan ingkang tasih rendah. Miturut data monografi Desa Trirenggo saged dipunmangertosi bilih wonten 668 tiyang lulusan TK, 3.319 tiyang lulusan SD, 2.816 tiyang lulusan SMP, 2.394 tiyang lulusan SMA, 412 lulusan D1-D3, 489 lan tiyang lulusan Sarjana. Komposisi Penduduk Desa Trirenggo miturut pendidikanipun saged dipuntingali wonten tabel ing ngandhap menika. 33 Tabel 03: Komposisi Tataran Pendidikan No Lulusan Pendidikan Cacahipun 1 Taman Kanak-kanak 668 tiyang 2 Sekolah Dasar 3.319 tiyang 3 SMP SLTP 1.816 tiyang 4 SMA SLTA 2.394 tiyang 5 Akademi D1-D3 412 tiyang 6 Sarjana S1-S3 489 tiyang Cacahipun sedaya 9.098 tiyang Sumber : Buku Monografi Desa Trirenggo Taun 2012 Tingkat pendidikan masarakat ingkang tasih rendah tamtunipun ndayani pemikiran masarakat ingkang kolot beda kaliyan pamikiran masarakat ingkang tingkat pendidikanipun inggil temtu gadhah pamikiran ingkang tinemu akal. Masarakat ingkang tasih ngadani upacara bancakan weton kalebet ing golongan lulusan pendidikan SD, SMP saha SMA. Pramila upacara bancakan weton menika taksih lumampah kanthi sae, awit warga masarakat taksih kathah lulusan SD, SMP saha SMA.

d. Pakaryanipun Penduduk

Pakaryaning penduduk Desa Trirenggo menika maneka warni. Kanthi adhedhasar data monografi Desa Trirenggo taun 2012 saged dipuntingali bilih ingkang dados PNS wonten 634 tiyang, ABRI wonten 162 tiyang, swasta wonten 628 tiyang, wiraswasta wonten 621 tiyang, tani wonten 1.327 tiyang, tukang