Paedah Sosial Paedah Pelestari Tradhisi

79 ingkang sampun turun menurun menika saged lestantun lan dipuntindakaken warga masarakat. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03. “Ya naluri nek wong Jawa dadi efeke ana nguri-uri tradhisi”CLW 03 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Kagem pangeling-eling dinten kalahiran, nguri-uri kabudayan, raos sukur marang Gusti .”CLW 08 Miturut andharan ing nginggil menika saged dipunmangertosi upacara tradhisi bancakan weton gadhah paedah pelestari kabudayan menika kanthi ngadani upacara bancakan weton dados salah satunggaling sarana supados tradhisi kabudayan boten tumpes lan saged lestantun.

4. Paedah Sarana Shodaqoh

Upacara bancakan weton gadhah paedah sarana shodaqoh. Shodaqoh kalebet ing piwulang agama. Paedah kasebat saged dipuntingali wonten ing lampahing adicara ngedum bancakan. Wonten ing ngedum bancakan menika tangga teparo dipunparingi bancakan ingkang awujud dhaharan lan menika dipunparingaken kanthi gratis. Menika salah satunggaling sarana sodhakoh kaliyan sedherek-sedharek ing sakiwa tengenipun. Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Iya kan sing jenenge among-among kuwi tembunge nyodakohi sing momong saka tahap wong tua, simbah. Lha sing ngemong ki Gusti Allah. Njur doa kuwi nek arep majas nggo shodaqoh ngenei tangga teparo. Ora wajib ning kanggone wong manah ya dilakoni.”CLW 08 80 Bibar upacara dipunpasrahaken, arta wajib dipunparingaken Mbah Kaum. Menika ugi sarana shodaqoh dhumateng sesami manungsa. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 06. “Wajib kuwi karo nggo shodaqoh ben apa sing diarep-arep isa kalaksanan.”CLW 06 Miturut andharan ing nginggil menika saged dipunmangertosi upacara tradhisi bancakan weton gadhah paedah sarana shodaqoh kanthi ngedum bancakan lan maringi wajib. 81

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Panaliten upacara bancakan weton ing Desa Trirenggo, Kecamatan Bantul, Kabupaten Bantul menika kangge nggambaraken lampahing adicara lan makna simbolik ubarampe ing bancakan menika. Asiling panaliten menika: 1. Prosesi upacara bancakan weton a Masrahaken bancakan b Maringi sajen ing aruman c Ngedum bancakan 2. Makna simbolik a Gudhangan menika simbol supados wonten ing gesangipun kaparingan kasarasan lan umur panjang. b Jangan kothokan menika supados kaparingan kaluwihan kepinteran lan rejeki. c Tumpeng menika simbol gesangipun manungsa ingkang badhe nuju kamulyan ing donya akhirat kathah godhanipun supados tansah eling dhumateng Gusti Allah. d Tigan ayam godhog menika pralambang wiwitaning gesang supados saged sae anggenipun miwiti gesang. e Jenang menika dados simbol asalipun manungsa saking bapak lan ibu.