Caranipun Ngempalaken Data Pirantining Panaliten

23

F. Caranipun Ngesahaken Data

Teknik ingkang dipunginakaken menika triangulasi. Teknik triangulasi menika dipunginakaken supados asiling panaliten valid saha saged dipuntanggeljawabaken. Triangulasi ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika triangulasi metode saha triangulasi sumber. 1. Triangulasi sumbering data inggih menika kanthi cara pados data saking sumber informan ingkang kathah inggih menika tiyang ingkang terlibat langsung kaliyan objek kajianipun. Ing panaliten menika kanthi care nandhingaken ingkang dipunaturaken informan setunggal saha informan sanesipun wonten ing wawancara, kejawi menika kajumbuhaken kaliyan teori wonten ing buku. 2. Triangulasi metode inggih menika ngempalaken data ngginakaken werni- werni metode ngempalaken data. Caranipun kanthi nandhingaken data asiling observasi kaliyan data asiling wawancara.

G. Caranipun Nganalisis Data

Wonten ing panaliten menika, caranipun nganalisis data ngginakaken analisis induktif. Pangertosan analisis induktif miturut Muhadjir 2002: 149 inggih menika analisis data ingkang spesifik khusus saking lapangan dados unit- 24 unit ingkang dipunlajengaken kanthi ndamel kategorisasi. Data ingkang sampun dipunpendhet lajeng dipunproses kanthi unitisasi saha kategorisasi. Unit kalawau lajeng dipunpilah ingkang ngemot data ingkang wigatos, lajeng dipunkategorisasi lan dipundamel rangkuman inti. Proses analisis saking observasi partisipasi, wawancara mendalam, foto saha rekaman. Data-data kalawau dipundamel kategorisasi supados langkung cetha lajeng dipunprika keabsahan datanipun saha damel dudutan. Menawi sampun antawisipun kategori setunggal lan sanesipun dipungayutaken lajeng dipunandharaken kaliyan gambar saha katranganipun kanthi runtut. 25

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

A. Deskripsi Setting Panaliten 1. Andharaning Papan Upacara Bancakan Weton

Desa Trirenggo minangka salah setunggaling desa ingkang dumunung wonten ing pusat pamarentahan Kabupaten Bantul. Desa Trirenggo kalebet ing tlatah Kecamatan Bantul, Kabupaten Bantul. Ing Desa Trirenggo menika woten 17 dhusun inggih menika Dhusun Gempolan, Dhusun Sragan, Dhusun Klembon, Dhusun Priyan, Dhusun Pasutan, Dhusun Bogoran, Dhusun Pepe, Dhusun Nogosari, Dhusun Gedongan, Dhusun Gandekan, Dhusun Manding, Dhusun Kweden, Dhusun Sumber Batikan, Dhusun Bakulan, Dhusun Cepoko, Dhusun Karangmojo, lan Dhusun Bantul Timur. 17 dhusun ing Desa Trirenggo tasih dipunperang malih dados 109 RT. Tebihipun Desa Trirenggo saking pusat pamarentah kecamatan menika 1800 m. Agengipun Desa Trirenggo menika kirang langkung 610 Ha kanthi cacahing penduduk 17.269, saking 8.811 tiyang jaler lan 8.458 tiyang estri. Wates wilayah Desa Trirenggo inggih menika Sisih ler : Desa Pendowoharjo, Sisih kidul : Desa Bambanglipuro, Sisih kilen : Desa Bantul, Sisih wetan : Desa Sabdodadi.