7 Panaliten
“Upacara Bancakan Weton Wonten Ing Trirenggo Bantul” saged dados maringi pamrayogi kangge panaliti ingkang nliti babagan upacara
tradhisi kabudayan Jawi. Asiling panaliten menika saged nambah wawasan ngengingi upacara tradhisi mliginipun lampahing adicara, makna simbolik lan
paedahipun.
2. Praktis
Panaliten “Upacara Bancakan Weton Wonten Ing Trirenggo Bantul” saged maringi informasi ngengingi upacara tradhisi ingkang wonten ing Desa
Trirenggo. Asiling panaliten menika saged maringi informasi saha dokumentasi ingkang saged dipunginakaken kangge bahan ajar adat-istiadat
masarakat.
8
BAB II GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
1. Folklor
Tembung folklor menika saking basa Inggris folklore, ingkang kalebet tembung majemuk kabentuk saking kalih tembung dhasar folk kaliyan lore.
Miturut etimologi, folk tegesipun kolektif, utawi ciri-ciri pengenalan fisik utawi kabudayan ingkang sami wonten ing masarakat, menawi lore menika tradhisi
saking folk. Lore menika perangan saking kabudayan ingkang dipunwarisaken kanthi wujud lisan utawi tuladha ingkang dipunsarengi kaliyan gerak isyarat
utawi piranti pambantu.
Miturut Dundes wonten ing Danandjaja 1986: 1 folklor inggih menika kelompok tiyang ingkang gadhah ciri fisik, sosial, lan kabudayan, saengga saged
dipunbedakaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Miturut pamanggihipun Danandjaja 1986: 2 pangertosan folklor ingkang ageng menika perangan
kabudayan kolektif ingkang kasebar lan dipunwarisaken ing generasi panerusipun, antawisipun kolektif werni menapa kemawon, kanthi tradhisional ing versi
ingkang beda, wujudipun lisan utawi tuladha ingkang dipunsarengi kaliyan gerak isyarat utawi piranti pambantu pangemut-emut emonic device.
Saking andharan ing nginggil menika saged dipundudut bilih folklor menika perangan kabudayan ingkang gadhah ciri beda-beda antawisipun setunggal