Jenang-jenangan Makna Simbolik Sajen

74 gesangipun saged makmur boten kekirangan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “Jajan pasar utawa tukon pasar kuwi isine ana pisang pulut kuwi rak kraket ta upamane nggo ngraketke seduluran, rejeki, ngraketke antarane wong tuwane ro anak. Ning ya ana sing nggo raja barang kuwi nggo harapan besar. Dadi tukon pasar kuwi tegese supaya bisa nggayuh kemakmuran.”CLW 08 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “Di pasar apa-apa ada jadi yang diharapkan supaya di kehidupan tidak kekurangan. Jajan pasar ada pisang pulut maksudnya biar rejeki, hubungan dengan sesama dan semua yang baik-baik nempel.CLW 09 “Wonten peken menapa kemawon wonten dados pangajabipun supados ing panggesangan boten kekirangan. Jajan pasar wonten pisang pulutipun menika ateges supados rejeki, sesambetan kaliyan sesami lan sedaya ingkang sae saged tememplek.”CLW 09 Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih jajan pasar menika pangajab dhumateng Gusti Allah supados sedaya kabetahan ing panggesangan saged kacekapan.

7. Sekar Among

Sekar ingkang dipunginakaken ing upacara bancakan menika dipunwastani sekar among. Ing sekar among menika isinipun wonten 2 werni; sekar setaman lan sekar wonang-waning. Sekar setaman ateges sekar ingkang wonten ing sedaya pataman, ananging sekar ingkang dipunginakaken boten sedaya sekar ingkang wonten ing pataman. Miturut pamanggihipun Jandra 1991: 54 sekar menika pralambang arum. Arum ing ngriki ateges supados saged nglampahi gesang kanthi sae saged ngarumaken tiyang sepuhipun. Tembung among menika saking 75 tembung pamomong, dados sekar among ateges supados pamomongipun anggenipun momong saged sae. Andharan menika jumbuh kaliyan informan 01 “...kembang rak sedhep wangi ya ben le nglakoni urip iso tumindak sing apik-apik kuwi gawe arum jenenge wong tuwa ..” CLW 01 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06 lan informan 08. “Kembang among kuwi rak wangi ta dadi gayutane karo pamomonge kuwi supaya bisa apik le momong bocah ben tumindakke kuwi apik ngarumake kulawargane.”CLW 06 “Kembang among kuwi ambune arum dadi tegese supaya urip kanthi tumekar ganda arum lelaku becik.”CLW 08 Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun kababar saged dipunpendhet dudutan bilih sekar among ateges pamomongipun saged sae momong saengga anggenipun nglampahi gesang saged ngarumaken kulawarga.

8. Wajib

Wajib menika wujudipun arta lan dipunginakaken kangge njangkepi sajen. Arta miturut Jandra 1989: 102 ateges infaq utawi shodaqoh dhumateng sesami manungsa. Arta dipunwastani wajib amargi tegesipun dipuntingali saking tembung “wajib” ingkang ateges bibar dipunpasrahaken arta menika wajib dipuncaosaken ingkang masrahaken. Ingkang masrahaken menika pemimpin desa utawi dipunwastani Mbah Kaum, dados arta wajib menika dipuncaosaken Mbah Kaum kangge shodaqoh. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 04.