Sistem Religi Para Paraga Upacara Bancakan Weton

33 Tabel 03: Komposisi Tataran Pendidikan No Lulusan Pendidikan Cacahipun 1 Taman Kanak-kanak 668 tiyang 2 Sekolah Dasar 3.319 tiyang 3 SMP SLTP 1.816 tiyang 4 SMA SLTA 2.394 tiyang 5 Akademi D1-D3 412 tiyang 6 Sarjana S1-S3 489 tiyang Cacahipun sedaya 9.098 tiyang Sumber : Buku Monografi Desa Trirenggo Taun 2012 Tingkat pendidikan masarakat ingkang tasih rendah tamtunipun ndayani pemikiran masarakat ingkang kolot beda kaliyan pamikiran masarakat ingkang tingkat pendidikanipun inggil temtu gadhah pamikiran ingkang tinemu akal. Masarakat ingkang tasih ngadani upacara bancakan weton kalebet ing golongan lulusan pendidikan SD, SMP saha SMA. Pramila upacara bancakan weton menika taksih lumampah kanthi sae, awit warga masarakat taksih kathah lulusan SD, SMP saha SMA.

d. Pakaryanipun Penduduk

Pakaryaning penduduk Desa Trirenggo menika maneka warni. Kanthi adhedhasar data monografi Desa Trirenggo taun 2012 saged dipuntingali bilih ingkang dados PNS wonten 634 tiyang, ABRI wonten 162 tiyang, swasta wonten 628 tiyang, wiraswasta wonten 621 tiyang, tani wonten 1.327 tiyang, tukang 34 wonten 1.098 tiyang, buruh tani wonten 790 tiyang, pensiyunan wonten 2.020 tiyang, pemulung wonten 16 tiyang, lan ing bidhang jasa wonten 207 tiyang. Miturut andharan menika saged dipunmangertosi bilih ingkang paling kathah menika ingkang dados petani, tukang lan buruh tani. Padamelan menika tasih dipunlakeni ngginakaken cara manual boten ngginakaken mesin-mesin kados ing pabrik. Awit saking menika tasih ketingal bilih masarakat Desa Trirenggo menika dereng kenging perkembangan jaman ing arah modern saengga tradhisi ingkang sampun wonten wiwit rumiyin mliginipun upacara bancakan weton taksih lumampah kanthi sae, awit warga masarakat taksih ngukuhi adat tradhisi minangka corak khas satunggaling daerah ingkang adiluhung. Komposisi penduduk Desa Trirenggo miturut padamelanipun saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika. Tabel 04: Komposisi Mata Pencaharian No Padamelan Cacahipun 1 PNS 634 tiyang 2 ABRI 162 tiyang 3 Swasta 628 tiyang 4 Wiraswasta 621 tiyang 5 Tani 1.327 tiyang 6 Pertukangan 1.098 tiyang 7 Buruh Tani 790 tiyang 8 Pensiyunan 202 tiyang