Pakaryanipun Penduduk Para Paraga Upacara Bancakan Weton

35 9 Pemulung 16 tiyang 10 Jasa 207 tiyang Cacahipun Sedaya 17.269 tiyang Sumber : Buku Monografi Desa Trirenggo Taun 2012 B. Prosesi Upacara Bancakan Weton Prosesi upacara bancakan weton dipuntindakaken warga masarakat panyengkuyung kangge mengeti ambal warsa saben selapan kanthi lampah masrahaken sajen, maringaken sajen ing aruman, saha ngedum bancakan. Awit saking menika sakderengipun ngawontenaken upacara bancakan weton langkung rumiyin dipunwiwiti kanthi cecawis upacara. Cecawis upacara bancakan weton kaandharaken ing ngandhap menika.

1. Cecawis

Upacara tradhisi bancakan weton anggenipun ngadani menika wonten ingkang kedah dipuncawisaken rumiyin. Cecawis ingkang dipuntindakaken menika ngengingi ubarampe ingkang dipunginakaken ing saklebeting upacara bancakan weton inggih menika damel wadhah sajen bancakan lan cecawis sajen bancakan.

a. Wadhah Sajen Bancakan

Wadhah sajen bancakan weton dipundamel saking nampan utawi tampah ingkang dipunlemekki ron pisang. Ron pisang ingkang dipunginakaken langkung saenipun ngginakaken ron pisang kluthuk amargi langkung alus tinimbang ron pisang sanesipun, ananging saged ugi ngginakaken ron pisang sanesipun. Ron 36 pisang kala wau dipunpilih ingkang pupus utawi tasih enem ananging menawi ngginakaken ron ingkang tuwa dipunpepe rumiyin ngantos alum supados boten gampil suwek. Ron pisang dipuntata mlumah mangkurep. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Lhaiya kuwi ki dadine godhong gedhang sing ijih enom pa nek ra ana nggo sing tuwa ning dipepe ben alum ra gampang suwek trus ditata mlumah mengkurep.”CLW 01 Andharaan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Sing nggo lemek godhong pupus kuwi ben ora gampang suwek.” CLW 08 Gambar 03: Wadhah sajen Dok. Monica b. Sajen Bancakan Weton Sajen bancakan weton menika kaperang dados 2 inggih menika: 1 sajen bancakan weton selapanan, saha 2 sajen bancakan weton. Isinipun sajen menika wonten bedanipun lan saben sajen menika dipunginakaken miturut umuripun lare. 37 Sajen ingkang dipunginakaken ing upacara bancakan weton badhe dipunandharaken ing ngandhap menika. 1 Sajen Bancakan Weton Selapanan Sajen bancakan weton selapanan ateges sajen ingkang dipunginakaken nalika umuripun bayi menika selapan kemawon. Isinipun sajen bancakan weton selapanan; gudhangan, kothokan, tumpeng, tigan godhog, jenang-jenangan, jajan pasar, sekar among, lan wajib. Sajen bancakan weton selapanan isinipun langkung pepak amargi menika pahargyan ambal warsa tiyang Jawi ingkang sepisan. Ambal warsa ingkang sepisan minangka wiwitan anggenipun nglampahi gesang pramila kedah dipunsukuri. Bancakan weton selapanan dados sarana ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sepisanan dados dipundamel kanthi prayogi lumantar sajen ingkang dipunginakaken menika pepak. Pepak amargi wonten jangan kothokan kaliyan jajan pasaripun ingkang isinipun maneka warni. Masarakat Desa Trirenggo gadhah kapitadosan bilih sajen menika langkung sae menawi damel piyambak ananging saged ugi menawi tumbas. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Ya rapapa gawe ana sing nalurekke wong mbiyen ra ketang sithik kuwi gawe dhewe jarene. Nek tuku kuwi cara dene rejekine dipangan sing dodol sikik. Ra ketan sithik gawe dhewe, mbayung sak unting ora ketan sithik- sithik gawe dhewe nalurine wong mbiyek. Nek saiki bebas padha sakarepe iki ngandhakke wong mbiyen jare naluri. Nek saiki tuku rapapa wong repot. ”CLW 01 Masarakat ing Desa Trirenggo menika gadhah tradhisi bilih damel sajen menika ingkang sepisan boten kepareng dipunpendhet rumiyin ananging dipunpendhet kangge sajen. Sanajan asilipun ingkang sepisanan boten sae tetep