Sekar Among Makna Simbolik Sajen

76 “Nek selapanan nganggo wajib wong dikekke mbah kaum, nek ngne ki ora nok nek nganggo ya kena mung sak nduwene. Nek karo mbah kaum selapanan ge dhen wajibe nehke mbah kaum.”CLW 04 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06. “Jenenge wae wajib kuwi sing dikarepke kudu utawi harus, dhuwit kuwi mau rak bar dipasrahke njur wajib dipek mbah Kaum mulakna jenenge wajib. Wajib kuwi karo nggo shodaqoh ben apa sing diarep-arep isa kalaksanan.”CLW 06 Saking andharan kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih arta wajib menika wajib dipuncaosaken Mbah Kaum kangge sarana shodaqoh dhumateng sesami manungsa.

D. Paedah Upacara Bancakan Weton

1. Paedah Religi

Paedah religi menika mujudaken Paedah upacara bancakan weton ingkang wonten gayutanipun kaliyan agami ingkang dipunpidadosi. Paedah religi upacara bancakan weton menika kangge sarana atur panyuwunan manungsa supados Gusti Allah kersa njagi utawi momong putra-putranipun. Panyuwunan menika dipunaturaken lumantar donga-donga utawi tuntunan ing agami ingkang dipunrasuk. Upacara tradhisi bancakan weton menika minangka sarana ngaturakan pangajab supados putranipun kaparingan kawilujengan, gampil anggenipun ngupados rejeki lan saged ugi dipuntambah panyuwunan pribadhi. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 3. “Alfatekah pake surat pendek kuwi dongane pokok trus ditambah panjaluke apa pengin dadi dokter pa apa. Tiap netu kata-katane ora isa plek .”CLW 03 77 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Dadi pertama alfatekah, istigfar trus sholawat pungkasan maca keEsaan Allah trus liyane tambahan doa sing isinine pinyuwunan dienggo kaslametan, kamulyan, pangreksa, lan kasarasan sing dibancaki lan kabeh kulawarga.”CLW 08 Miturut andharan ingkang sampun kababar ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih upacara bancakan weton menika gadhah Paedah religi. Paedah religi saged dipuntingali saking lampahipun adicara upacara tradhisi bancakan weton ingkang ngginakaken donga-donga miturut tuntunan ing agami.

2. Paedah Sosial

Paedah sosial inggih menika paedah ingkang gayutanipun sesambetan antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun. Paedah sosial ingkang wonten ing upacara bancakan weton menika kangge ngumaketaken pasedherekan kaliyan nuwuhaken raos gotong-royong lan karukunan. Paedah sosial saged dipuntingali wonten ing cecawis ngawontenaken upacara tradhisi bancakan weton. Ing cecawis damel panganan kangge sajen menika wonten ingkang damelipun kanthi dipunbantu tangganipun. Menika mujudaken sipat gotong-royong antawisipun warga. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Nek iki mau sing gawe aku karo Ana diewangi Mbokde Sari.”CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 05. “Ya aku dhewe nek iki mau. Nyok dhong le masak diewangi Mbah Sipon.”CLW 05