Tataran Pendidikan Para Paraga Upacara Bancakan Weton
                                                                                34 wonten  1.098  tiyang,  buruh  tani  wonten  790  tiyang,  pensiyunan  wonten  2.020
tiyang,  pemulung  wonten  16  tiyang,  lan  ing  bidhang  jasa  wonten  207  tiyang. Miturut  andharan  menika  saged  dipunmangertosi  bilih  ingkang  paling  kathah
menika  ingkang  dados  petani,  tukang  lan  buruh  tani.  Padamelan  menika  tasih dipunlakeni ngginakaken cara manual boten ngginakaken mesin-mesin kados ing
pabrik. Awit saking menika tasih ketingal bilih masarakat Desa Trirenggo menika dereng  kenging  perkembangan  jaman  ing  arah  modern  saengga  tradhisi  ingkang
sampun  wonten  wiwit  rumiyin  mliginipun  upacara  bancakan  weton  taksih lumampah  kanthi  sae,  awit  warga  masarakat  taksih  ngukuhi  adat  tradhisi
minangka  corak  khas  satunggaling  daerah  ingkang  adiluhung.  Komposisi penduduk  Desa  Trirenggo  miturut  padamelanipun  saged  dipuntingali  ing  tabel
ngandhap menika.
Tabel 04: Komposisi Mata Pencaharian
No Padamelan
Cacahipun 1
PNS 634 tiyang
2 ABRI
162 tiyang 3
Swasta 628 tiyang
4 Wiraswasta
621 tiyang 5
Tani 1.327 tiyang
6 Pertukangan
1.098 tiyang 7
Buruh Tani 790 tiyang
8 Pensiyunan
202 tiyang
35 9
Pemulung 16 tiyang
10 Jasa
207 tiyang Cacahipun Sedaya
17.269 tiyang
Sumber : Buku Monografi Desa Trirenggo Taun 2012 B.
Prosesi Upacara Bancakan Weton
Prosesi  upacara  bancakan  weton  dipuntindakaken  warga  masarakat panyengkuyung  kangge  mengeti  ambal  warsa  saben  selapan  kanthi  lampah
masrahaken  sajen,  maringaken  sajen  ing  aruman,  saha  ngedum  bancakan.  Awit saking menika sakderengipun  ngawontenaken upacara bancakan weton  langkung
rumiyin  dipunwiwiti  kanthi  cecawis  upacara.  Cecawis  upacara  bancakan  weton kaandharaken ing ngandhap menika.
                