Sumbering Data CARA PANALITEN

22

E. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika inggih panaliti piyambak utawi human instrument. Guba lan Lincoln wonten ing Moleong 2012 :167 ngandharaken bilih titikan umum manungsa minangka instrumen; 1. Responsif 2. Dapat menyesuaikan diri 3. Menekakan keutuhan 4. Mendasarkan diri atau perluasan pengetahuan 5. Memproses data secepatnya 6. Memanfaatkan kesempatan untuk mengklarifikasikan dan mengikhtisarkan 7. Memanfaatkan kesempatan untuk mencari respons yang tidak lazim dan idiosinkratik. Dados miturut andharan kasebat panaliti ngawontenaken obsevasi saha wawancara dhateng para informan. Panaliti nglampahi, ngempalaken data, nganalisis data, ngandharaken saha nglaporaken asiling panaliten. Miturut Moleong 2012: 168 “peneliti menjadi instrumen penelitian karena peneliti sekaligus menjadi perencana, pengumpul data, penganalisis, penafsir kata, dan pelapor hasil penelitian”. Panaliti minangka human instrument anggenipun ngempalaken data mbetahaken piranti pambantu. Piranti menika antawisipun buku cathetan, recorder, lan kamera. Buku cathetan menika kangge nyerat menapa kemawon ingkang wigatos, recorder menika kangge ngrekam lampahing wawancara kaliyan informan, saha kamera pirantos kangge dokumentasi prosesi upacara bancakan weton menika. 23

F. Caranipun Ngesahaken Data

Teknik ingkang dipunginakaken menika triangulasi. Teknik triangulasi menika dipunginakaken supados asiling panaliten valid saha saged dipuntanggeljawabaken. Triangulasi ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika triangulasi metode saha triangulasi sumber. 1. Triangulasi sumbering data inggih menika kanthi cara pados data saking sumber informan ingkang kathah inggih menika tiyang ingkang terlibat langsung kaliyan objek kajianipun. Ing panaliten menika kanthi care nandhingaken ingkang dipunaturaken informan setunggal saha informan sanesipun wonten ing wawancara, kejawi menika kajumbuhaken kaliyan teori wonten ing buku. 2. Triangulasi metode inggih menika ngempalaken data ngginakaken werni- werni metode ngempalaken data. Caranipun kanthi nandhingaken data asiling observasi kaliyan data asiling wawancara.

G. Caranipun Nganalisis Data

Wonten ing panaliten menika, caranipun nganalisis data ngginakaken analisis induktif. Pangertosan analisis induktif miturut Muhadjir 2002: 149 inggih menika analisis data ingkang spesifik khusus saking lapangan dados unit-