Jinising Panaliten Data Panaliten

21

D. Caranipun Ngempalaken Data

Caranipun ngempalaken data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika antawisipun observasi berpartisipasi lan wawancara mendalam. 1. Observasi Berpartisipasi Wonten ing teknik observasi berpartisipasi, panaliti ningali langsung saha nyathet sedaya perkawis ingkang gayut kaliyan prosesi upacara. Observasi katindakaken supados panaliti pikantuk data ingkang kapendhet langsung saking papan lumampahing upacara bancakan weton. Asiling pengamatan kalawau dipundadosaken dhasar anggenipun nindakaken wawancara lan observasi salajengipun. 2. Wawancara Mendalam Wawancara mendalam inggih menika pirembagan antawisipun panaliti saha informan kangge tukar informasi saha ide mawi pitakenan saha wangsulan supados pikantuk satemah saged dipunmangertosi makna satunggaling topik ingkang sampun katemtokaken. Miturut Moleong 2012: 189 panaliten kualitatif menika amrih saenipun ngginakaken wawancara terbuka ingkang subjekipun utawi informan mangertos menawi nembe dipunwawancarani lan mangertos ancasipun wawancara. Wawancara menika dipunlampahi kanthi sowan wonten ing dalemipun informan supados datanipun menika murni boten wonten pengaruh saking tiyang sanes. 22

E. Pirantining Panaliten

Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika inggih panaliti piyambak utawi human instrument. Guba lan Lincoln wonten ing Moleong 2012 :167 ngandharaken bilih titikan umum manungsa minangka instrumen; 1. Responsif 2. Dapat menyesuaikan diri 3. Menekakan keutuhan 4. Mendasarkan diri atau perluasan pengetahuan 5. Memproses data secepatnya 6. Memanfaatkan kesempatan untuk mengklarifikasikan dan mengikhtisarkan 7. Memanfaatkan kesempatan untuk mencari respons yang tidak lazim dan idiosinkratik. Dados miturut andharan kasebat panaliti ngawontenaken obsevasi saha wawancara dhateng para informan. Panaliti nglampahi, ngempalaken data, nganalisis data, ngandharaken saha nglaporaken asiling panaliten. Miturut Moleong 2012: 168 “peneliti menjadi instrumen penelitian karena peneliti sekaligus menjadi perencana, pengumpul data, penganalisis, penafsir kata, dan pelapor hasil penelitian”. Panaliti minangka human instrument anggenipun ngempalaken data mbetahaken piranti pambantu. Piranti menika antawisipun buku cathetan, recorder, lan kamera. Buku cathetan menika kangge nyerat menapa kemawon ingkang wigatos, recorder menika kangge ngrekam lampahing wawancara kaliyan informan, saha kamera pirantos kangge dokumentasi prosesi upacara bancakan weton menika.