Upacara Tradhisi Andharan Teori

12 Harmanto 1999: 53 ing Ensiklopedi Kebudayaan Jawa ngandharaken bancakan inggih menika “pernyataan rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa atas keberhasilannya. Pernyataan tersebut direalisasikan dalam bentuk di antaranya: 1 selamatan dengan kenduri, dan 2 membagikan makan kepada anak-anak. Selamatan dengan kenduri diantaranya bancakan brokohan‟bancakan kelahiran anak‟, bancakan weton‟bancakan hari lahir‟. Perlengkapan yang diperlukan dalam bancakan diantaranya nasi urapgudhangan, telur ayam rebus, dan juga jajan pasar. ” Saking pangertosan menika, bancakan ateges wujud raos sukur dhumateng Gusti Allah awit sedaya ingkang sampun dipungayuh. Bancakan menika dipunwujudaken kanthi genduren utawi ngedum dhaharan. Werninipun bancakan menika wonten kalih inggih menika bancakan brokohan kaliyan bancakan weton. Jumbuh kaliyan andharan kasebat, W.J.S Poerwadarminta 1939: 29 ing Kamus Baoesastra Djawa ugi ngandharaken bilih bancakan menika ateges “slametan tumrap lare alit mbeneri weton lsp”. Weton menika saking tembung wetu ingkang ateges lair utawi medal ingkang pikantuk panambang –an saengga dados tembung weton. Weton menika saged dipuntegesi gabungan antawisipun dinten lan pasaran lair. Caranipun ngetang weton menika saking siklus kalender matahari kaliyan sistem penanggalan Jawi. Sistem tanggalan Jawi menika wonten gangsal dinten ing saben siklus inggih menika Pon, Wage, Kliwon, Legi, Pahing. Pangertosan menika ateges weton menika dipunpengeti saben tigang dasa gangsal sepisan saengga miturut itungan Jawi, lairipun manungsa menika dipunambali gangsal minggu saking dinten lairipun. 13 Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia 2007: 1272 pangertosan weton inggih menika “hari lahir seseorang dengan pasarannya Legi, Paing, Pon, Wage, Kliwon ”. Tuladhanipun Senin Pon, Rebo Wage, Kemis Kliwon lsp. Jumbuh kaliyan andharan kasebat menawi miturut W.J.S Poerwadarminta 1939: 662 ing baoesastra Djawa weton ateges “dina kalairan”. Ing tradhisi masarakat Jawi, umumipun lare dipundamelaken bancakan weton namung sepisan nalika umuripun selapan. Saenipun bilih bancakan weton dipundamel kanthi rutin amargi miturut Pranoto 2007: 34 weton menika dados “kakuwatan lan kalemahan”. Dados kakuwatan ateges dipunkukuhaken dados manungsa ingkang jangkep dene kelemahan menika, menawi wonten tiyang ingkang boten remen saged nyerang ngginakaken weton menika. Awit saking menika Pranoto 2007: 34 ngandharaken bilih bancakan menika boten dipunpirsani saking klenikipun amargi slametan menika tandha pangucapan sukur lan nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos kanthi bantuanipun “Kakang kawah adhi ari-ari getih puser”. Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun dipunandharaken menika saged dipunpendhet dudutanipun bilih bancakan weton menika wujud rasa sukur lan sarana nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos ingkang dipunwujudaken slametan ing dinten pasaran lairipun.

4. Semiotik