Upacara Bancakan Weton Andharan Teori

13 Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia 2007: 1272 pangertosan weton inggih menika “hari lahir seseorang dengan pasarannya Legi, Paing, Pon, Wage, Kliwon ”. Tuladhanipun Senin Pon, Rebo Wage, Kemis Kliwon lsp. Jumbuh kaliyan andharan kasebat menawi miturut W.J.S Poerwadarminta 1939: 662 ing baoesastra Djawa weton ateges “dina kalairan”. Ing tradhisi masarakat Jawi, umumipun lare dipundamelaken bancakan weton namung sepisan nalika umuripun selapan. Saenipun bilih bancakan weton dipundamel kanthi rutin amargi miturut Pranoto 2007: 34 weton menika dados “kakuwatan lan kalemahan”. Dados kakuwatan ateges dipunkukuhaken dados manungsa ingkang jangkep dene kelemahan menika, menawi wonten tiyang ingkang boten remen saged nyerang ngginakaken weton menika. Awit saking menika Pranoto 2007: 34 ngandharaken bilih bancakan menika boten dipunpirsani saking klenikipun amargi slametan menika tandha pangucapan sukur lan nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos kanthi bantuanipun “Kakang kawah adhi ari-ari getih puser”. Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun dipunandharaken menika saged dipunpendhet dudutanipun bilih bancakan weton menika wujud rasa sukur lan sarana nyuwun kawilujengan dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos ingkang dipunwujudaken slametan ing dinten pasaran lairipun.

4. Semiotik

14 Semiotik menika ing basa Yunani saking tembung semeon ingkang ateges tanda. Luxemburg 1992: 44 ngandharaken bilih semiotik menika ngelmu ingkang sistematik nyinau tandha-tandha lan lambang-lambang, sistem lambang lan proses pralambang. Ing sistem lambang menika gejala-gejala tartamtu dipuntegesi miturut kaedah. Kaidah-kaidah menika kalebet kode, inggih menika dhasaripun negesi perangan gejala saengga dados tandha. Miturut Ferdinand de Saussure wonten ing Piliang, 2003: 42-49 semiotik menika ngelmu ingkang nyinau fungsinipun tandha sign dados perangan saking gesang sosial. Langkung malih semiotik menika struk, jinis, tipologi, lan relasi-relasi tandha ingkang ginanipun wonten ing masarakat ingkang ngginakaken. Tandha menika kagungan teges jumbuh kaliyan pamanggihipun Premiger wonten ing Pradopo, 2003: 94 ingkang ngandharaken bilih tandha-tandha menika kagungan teges ingkang dipuntemtokaken konvensinipun. Upacara bancakan weton menika salah satunggaling fenomena budaya ingkang ngemot tandha ingkang gadhah pitutur luhur. Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil menika saged dipundudut bilih semiotik menika ngelmu ingkang nyinau bab tandha-tandha lan lambang-lambang, sistemipun, proses saha fungsi tandha lan dados salah setunggaling perangan saking gesang sosial. Pierce Danandjaja 1992: 46 ngandharaken bilih wonten tigang faktor ingkang dados titikaanipun wontenipun tandha inggih menika 1 tandha, 2 ingkang dipuntandhani lan 3 tandha ingkang wonten ing batos tiyang ingkang 15 nampi. Antawisipun tandha kaliyan menapa ingkang dipuntandhani menika wonten gayutan representatif. Lajeng tandha lan representatif menika dados interpretasi. Interpretasi menika tandha ingkang enggal inggih menika menapa ingkang dipunbayangaken dening panampi tandha menawi piyambakipun nampi utawi ngamati tandha ingkang kaping pisan.

5. Makna Simbolik

Budaya kaliyan simbol menika boten saged dipunpisah, amargi wonten ing budaya menika sedaya tegesipun dipunripta ngginakaken simbol. Tembung simbol menika saking basa Yunani inggih menika tembung symbolos ingkang ateges tandha utawi ciri ingkang ngandharaken bab tartamtu kaliyan tiyang sanes. Wonten ing Kamus Umum Bahasa Indonesia simbol menika ateges kados tandha: lukisan, pangandikan, lencana, lan sapanunggalipun ingkang ngemot maksud tartamtu upaminipun warni pethak inggih menika pralambang kasucen, gambar pari menika pralambang kamakmuran. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pamanggihipun The Liang Gie Dictionary of logic ing Herusatoto. 1991: 11 ingkang ngandharaken bilih simbol menika tandha ingkang dipundamel boten awujud tembung-tembung kangge makili utawi nyingkat teges menapa kemawon. Miturut Cassirer wonten ing Herusatoto. 1991: 10 manungsa boten nate mriksani, nemtokaken lan mangertos donya menika kanthi langsung ananging