Gudhangan Makna Simbolik Sajen

70 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening patelanipun informan 08. “Kothokan iku jangan sing isine werna-werna ana waluh, kacang gleyor, so, kulit mlinjo, lan kluwih. Ning sing pokok kuwi kluwihe supaya uripe luwih- luwih le golek pangan, golek ilmu utawa kapinterane.”CLW 08 Saking andharan kasebat saged dipunpendhet dudutan bilih jangan kothokan menika simbol supados kaparingan kaluwihan kepinteran lan rejeki.

3. Tumpeng

Tumpeng menika saking tembung tumpenging rasa ingkang temen. Tumpeng miturut Poerwadarminta 1939: 614 inggih menika sega diwangun pasoengan. Miturut Tashadi, dkk 1992: 77-78 tumpeng menika ngemutaken manungsa supados tansah eling dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring gesang lan raga sakisinipun kangge gesang manungsa. Moertjipto 1997: 93 ngandharaken tumpeng menika ateges payuwunan dhumateng Gusti Allah supados pangajabipun saged kaleksanan lan nyuwun tinebihna saking panggoda saking kulawarganipun. Tumpeng menika dipundamel saking sekul ingkang wujudipun ngrucut. Wonten ing pucuk tumpeng menika dipuntancebi lombok abrit lan brambet. Lombok abrit lan brambet raosipun pedes ingkang ateges tiyang ingkang nggayuh kamulyan donya lan akhirat sanajan kathah godhanipun tansah eling marang Hyang Maha Tunggal. Miturut Jandra 1989 1990: 155 lombok menika pedes ateges ing gesang menika kathah kritik. Lombok abrit dados wakil kritik-kritik ingkang dadosaken sangsara tumrap tiyang. Raos pedes nedahaken bilih sedaya menika wonten tegesipun. Pamanggih menika nedahaken gesang kathah tantangan lan sangsara utawi gesang ingkang kebak suka lan duka. Tumpeng menika 71 dipunjangkepi kaliyan lawuh ingkang dipuntata ing sapinggiripun. Lawuhipun wonten gudhangan, tigan, kothokan. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “....lomboke ngadeg jejeg neng tumpeng supaya le nglakoni urip angela kae tetep manembah marang Gusti.”CLW 01 Andharan menika dipunsengkung dening pratelanipun informan 06 “Tumpeng suci pralambang madhep marang Gusti Allah manembah.”CLW 06 Andharan menika dipunsengkuyung ugi dening pratelanipun informan 08. “Lha nek tumpeng kuwi seka wujude wis ketok tegese uwong kang arep nggayuh kamulyan donya akhirat yaiku puncake gunung kuwi supaya isa ngrintis seka ngisor yaiku dhasar gunung, tahan godha lan kanthi tekad sing temenan lombok lan brambang sing temancep ing puncak tumpeng tansah eling marang Gusti Allah. Lombok lan brambang kuwi pedhes dadi kudu kuwat rekasa utawa ana paite nglakoni urip.”CLW 08 Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun dipunandharaken saged dipunpendhet dudutanipun bilih tumpeng menika simbol gesangipun manungsa ingkang badhe nuju kamulyan ing donya akhirat kathah godhanipun supados tansah eling dhumateng Gusti Allah.

4. Tigan Godhog

Tigan ayam ingkang dipunginakaken kangge sajen menika tigan ayam kampung, ananging menawi boten wonten saged dipungantos tigan ayam sanesipun. Anggenipun ngginakaken menika wetahan, dados bibar dipungodhog boten dipunparo. Tigan menika dados pralambang wiwitipun gesang menika saking tigan dados tigan menika ateges manungsa tansah eling sangkan utawi asalipun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08.