Wajib Makna Simbolik Sajen

77 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Dadi pertama alfatekah, istigfar trus sholawat pungkasan maca keEsaan Allah trus liyane tambahan doa sing isinine pinyuwunan dienggo kaslametan, kamulyan, pangreksa, lan kasarasan sing dibancaki lan kabeh kulawarga.”CLW 08 Miturut andharan ingkang sampun kababar ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih upacara bancakan weton menika gadhah Paedah religi. Paedah religi saged dipuntingali saking lampahipun adicara upacara tradhisi bancakan weton ingkang ngginakaken donga-donga miturut tuntunan ing agami.

2. Paedah Sosial

Paedah sosial inggih menika paedah ingkang gayutanipun sesambetan antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun. Paedah sosial ingkang wonten ing upacara bancakan weton menika kangge ngumaketaken pasedherekan kaliyan nuwuhaken raos gotong-royong lan karukunan. Paedah sosial saged dipuntingali wonten ing cecawis ngawontenaken upacara tradhisi bancakan weton. Ing cecawis damel panganan kangge sajen menika wonten ingkang damelipun kanthi dipunbantu tangganipun. Menika mujudaken sipat gotong-royong antawisipun warga. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “Nek iki mau sing gawe aku karo Ana diewangi Mbokde Sari.”CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 05. “Ya aku dhewe nek iki mau. Nyok dhong le masak diewangi Mbah Sipon.”CLW 05 78 Wonten ing lampahing adicara ngedum bancakan menika saged dados sarana ngrumaketaken sesambetan antawisipun warga setunggal kaliyan sanesipun supados saged rukun. Menika nedahaken bilih warga ing Desa Trirenggo menika sami rukun lan sesambetan antawisipun warga setunggal kaliyan sanesipun sae boten wonten ingkang mbedakaken miturut status sosial lan ekonomi. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 03. “Ya didhudhah ro didum sithik-sithik ro kiwa tengen kene.”CLW 03 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “Ora ana aturane le ngedum, didum rata nehke kiwa tengen kene wae..”CLW 04 Miturut andharan ingkang sampun kababar ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih upacara tradhisi bancakan weton menika gadhah Paedah sosial. Paedah sosial saged dipuntingali nalika nindakaken cecawis upacara tradhisi bancakan weton wonten gotong-royong damel sajen lan wonten ing lampahing adicara wonten ngedum bancakan ingkang saged dados sarana ngrumaketaken pasedherekan lan karukunan antawisipun warga setunggal lan sanesipun.

3. Paedah Pelestari Tradhisi

Upacara tradhisi bancakan weton minangka salah satunggaling upacara ingkang sampun turun-tumurun dipunadani dening warga masarakat Desa Trirenggo. Paedah kabudayan menika gayutanipun kaliyan njagi supados tradhisi