Tigan Godhog Makna Simbolik Sajen

73 pethak. Miturut Giri 2010: 31 jenang putih lambang bibit saking bapak sperma darah putih, jenang abang lambang bibit saking ibu darah merah. Jenang abrit menika ateges manah ingkang kiyat utawa kangge lambang ibu. Jenang pethak ateges manah ingkang suci utawa kangge lambang bapak. Jenang blowok pralambang sesambetan ibu kaliyan bapak. Jenang baro-baro dados lambang lairipun putra saking bapak lan ibu. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “Jenang abang iku manah ingkang kiyat utawa kango lambang ibu. Jenang putih kuwi manah ingkang suci utawa kanggo lambang bapak.”CLW 08 Andharan kasebat dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “Jenang merah lambang ibu, jenang putih lambang bapak, blowok terjadi hubungan ibu dan bapak, baro-baro lahirnya anak. Kalau digabungkan menggambarkan asal-usul manusia .”CLW 09 “Jenang abang simbol ibu, jenang putih simbol bapak, blowok wonten sesambetan ibu kaliyan bapak, baro-baro lahiripun anak. menawi dipungabung nggambaraken asal-usul manungsa. ”CLW 09 Saking pamangih-pamanggih ingkang sampun kaandharaken saged dipunpendhet dudutan bilih jenang menika dados simbol asalipun manungsa saking bapak lan ibu.

6. Jajan pasar

Jajan pasar menika jajanan ingkang wonten ing pasar. Ing pasar menika panganan sedayanipun wonten utawi pepak. Bratasiswara 2000:257 ngandharaken bilih pasar menika wujud alitipun saking kempalan sedaya kabetahan manungsa ingkang manunggal. Jajan pasar menika ateges supados ing 74 gesangipun saged makmur boten kekirangan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “Jajan pasar utawa tukon pasar kuwi isine ana pisang pulut kuwi rak kraket ta upamane nggo ngraketke seduluran, rejeki, ngraketke antarane wong tuwane ro anak. Ning ya ana sing nggo raja barang kuwi nggo harapan besar. Dadi tukon pasar kuwi tegese supaya bisa nggayuh kemakmuran.”CLW 08 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “Di pasar apa-apa ada jadi yang diharapkan supaya di kehidupan tidak kekurangan. Jajan pasar ada pisang pulut maksudnya biar rejeki, hubungan dengan sesama dan semua yang baik-baik nempel.CLW 09 “Wonten peken menapa kemawon wonten dados pangajabipun supados ing panggesangan boten kekirangan. Jajan pasar wonten pisang pulutipun menika ateges supados rejeki, sesambetan kaliyan sesami lan sedaya ingkang sae saged tememplek.”CLW 09 Saking pamanggih-pamanggih ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih jajan pasar menika pangajab dhumateng Gusti Allah supados sedaya kabetahan ing panggesangan saged kacekapan.

7. Sekar Among

Sekar ingkang dipunginakaken ing upacara bancakan menika dipunwastani sekar among. Ing sekar among menika isinipun wonten 2 werni; sekar setaman lan sekar wonang-waning. Sekar setaman ateges sekar ingkang wonten ing sedaya pataman, ananging sekar ingkang dipunginakaken boten sedaya sekar ingkang wonten ing pataman. Miturut pamanggihipun Jandra 1991: 54 sekar menika pralambang arum. Arum ing ngriki ateges supados saged nglampahi gesang kanthi sae saged ngarumaken tiyang sepuhipun. Tembung among menika saking