Kothokan Makna Simbolik Sajen

71 dipunjangkepi kaliyan lawuh ingkang dipuntata ing sapinggiripun. Lawuhipun wonten gudhangan, tigan, kothokan. Andharan kasebat jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01. “....lomboke ngadeg jejeg neng tumpeng supaya le nglakoni urip angela kae tetep manembah marang Gusti.”CLW 01 Andharan menika dipunsengkung dening pratelanipun informan 06 “Tumpeng suci pralambang madhep marang Gusti Allah manembah.”CLW 06 Andharan menika dipunsengkuyung ugi dening pratelanipun informan 08. “Lha nek tumpeng kuwi seka wujude wis ketok tegese uwong kang arep nggayuh kamulyan donya akhirat yaiku puncake gunung kuwi supaya isa ngrintis seka ngisor yaiku dhasar gunung, tahan godha lan kanthi tekad sing temenan lombok lan brambang sing temancep ing puncak tumpeng tansah eling marang Gusti Allah. Lombok lan brambang kuwi pedhes dadi kudu kuwat rekasa utawa ana paite nglakoni urip.”CLW 08 Saking pamanggih-pamanggih ingkang sampun dipunandharaken saged dipunpendhet dudutanipun bilih tumpeng menika simbol gesangipun manungsa ingkang badhe nuju kamulyan ing donya akhirat kathah godhanipun supados tansah eling dhumateng Gusti Allah.

4. Tigan Godhog

Tigan ayam ingkang dipunginakaken kangge sajen menika tigan ayam kampung, ananging menawi boten wonten saged dipungantos tigan ayam sanesipun. Anggenipun ngginakaken menika wetahan, dados bibar dipungodhog boten dipunparo. Tigan menika dados pralambang wiwitipun gesang menika saking tigan dados tigan menika ateges manungsa tansah eling sangkan utawi asalipun. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. 72 “Tigan kuwi pratandha wiwitaning gesang dadi tegese supaya eling karo asale.”CLW 08 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “telur untuk mengingat awal mula hidup. Cikal bakal kehidupan”CLW 09 “tigan menika kangge ngemutaken wiwitaning gesang. Cikal bakal gesang ”CLW 09 Saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan bilih tigan ayam godhog menika pralambang wiwitaning gesang supados saged sae anggenipun miwiti gesang.

5. Jenang-jenangan

Jenang ingkang dipunginakaken menika wonten werni 4; jenang pethak, lan jenang abrit, jenang blowok, jenang baro-baro. Jenang pethak kadamel saking uwos dipuncampur santen, sarem lan ron salam. Jenang abrit kadamel saking uwos dipuncampur santen, sarem lan ron salam lajeng dipuncampur gendhis Jawi. Jenang blowok kadamel saking jenang putih ingkang dipunsukani gendhis Jawi ing nginggilipun. Jenang blowok dipundamel saking jenang putih ingkang dipunparingi irisan gendhis jawi ing nginggilipun. Wondene jenang baro-baro kadamel saking jenang putih lajeng ing nginggilipun dipunsukani klapa parut kaliyan gendhis Jawi. Saben-saben jenang menika wonten tegesipun piyambak-piyambak. Miturut Jandra 1989 1990: 50 jenang abrit ibu, jenang pethak bapak, jenang baro-baro campuran abrit lan pethak. Jenang menika ateges supados mangertos asal usulipun dumadi bilih kita asalipun saking campuran antawisipun abrit lan