CARANIPUN NDHAPUK MATERI PIWULNGAN JANGKEPING KAPUSTAKAN

bab sinau maos saha nyerat aksara Jawa. Wondene andharan biji kualitas media perangan kelayakan penyajian dening dosen ahli materi inggih kasebut wonten ing ngandhap menika. a Caranipun Ndhapuk Materi Wonten ing aspek caranipun ndhapuk materi kaperang dados kalih indikator inggih menika keruntutan saha kontekstual. Wondene pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap media wonten ing caranipun ndhapuk materi kados ing ngandhap menika. 1 Keruntutan Indikator keruntutan wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking materi buku menika menika sampun runtut materi-nipun ingkang wonten ing SMP. Materi ingkang wonten ing media buku inggih menika dipunwiwiti saking materi cariyos sejarahipun aksara Jawa, salajengipun cara nyerat aksara Jawa, dumugi materi pungkasan inggih menika materi angka Jawa. 2 Kontekstual Indikator kontekstual wonten ing validasi tataran I pikantuk biji 4 ingkang kagolong kategori sae. Wondene validasi II pikantuk biji 5 ingkang kagolong kategori sae sanget. Materi aksara Jawa ingkang wonten ing buku menika sampun kontekstual miturut kurikulum ingkang wonten. b Caranipun Ndhapuk Materi Pamulangan Wonten ing aspek caranipun ndhapuk materi pamulangan kaperang dados tigang indikator. Wondene pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap media wonten ing caranipun ndhapuk materi pamulangan kados ing ngandhap menika. 1 Wedharan materi dhateng siswa Indikator wedharan materi dhateng siswa wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji 5 ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking wedharan materi ingkang dipuncawisaken sampun dhateng siswa. 2 Ngrembakakaken keterampilan proses Indikator ngrembakakaken ketrampilan proses wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking materi ingkang wonten ing saben bab dipunwiwiti saking pangertosan, tuladha, lajeng gladhen. 3 Nuwuhaken komunikatif interaktif Indikator nuwuhaken komunikatif interaktif wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Indikator menika kagolong kategori sae sanget katiti saking media buku menika sampun saged nuwuhaken komunikatif interaktif. c Jangkeping Kapustakan Wonten ing aspek jangkeping kapustakan namung wonten satunggal indikator inggih menika indikator ngewrat kapustakan. Indikator kapustakan wonten ing tataran I saha II pikantuk biji 4 ingkang kagolong sae. Kalebet sae katiti saking media menika sampun wonten body note, saha kapustakan ingkang sampun jangkep.