Pamanggih saking Guru Basa Jawi

2 Tampilan tembung wonten kaca 11 Guru basa Jawi paring pamrayogi bilih wonten ing kaca 11 wonten tembung ingkang klentu panyeratanipun. Panyerating tembung “tapi” wonten ing andharan materi ingkang basa ngapak taksih klentu, ingkang leres inggih menika tembung “ning”. Wondene andharan saha gambar tampilan tembung saderengipun revisi saha sasampunipun revisi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. a Tampilan tembung wonten ing kaca 11 saderengipun revisi Wonten ing kaca 11 ing andharan materi ingkang basa ngapak taksih ngginakaken tembung “tapi” miturut pamrayoginipun guru basa Jawi klentu. Wondene gambar tampilan tembung wonten ing kaca 11 saderengipun revisi saged dipunpirsani wonten ing gambar ngandhap menika. Gambar 24: Tampilan tembung wonten ing kaca 11 saderengipun revisi b Tampilan tembung wonten ing kaca 11 sasampunipun revisi Wonten ing kaca 11 ing andharan materi ingkang basa ngapak taksih ngginakaken tembung “tapi” sampun dipungantos ingkang leres inggih menika tembung “ning”. Wondene gambar tampilan tembung wonten ing kaca 11 sasampunipun revisi saged dipunpirsani gambar wonten ing kaca salajengipun menika. Gambar 25: Tampilan tembung wonten ing kaca 11 sasampunipun revisi

b. Pamanggih saking Siswa SMP

Media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP sasampunipun dipun-validasi sarta dipusarujuki layak ujicoba dening dosen ahli materi, dosen ahli media, saha pamanggih guru basa Jawi, salajengpun inggih menika dipun-ujicoba dhateng 12 siswa kelas VIII A SMP Negeri 1 Rowokele ingkang kriteria kecerdasan beda-beda. Wonten ing ujicoba menika siswa dipundhawuh ngisi saha nyerat pamrayogi wonten lembar evaluasi utawi angket. Kanthi angket menika saged dipunmangertos kadospundi pamanggih siswa bab media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah- irahan “Caraka” kangge siswa SMP. Presentase biji pamanggih siswa wonten sadaya perangan media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP menika pikantuk 93,85 ingkang kagolong sarujuk sanget. Tegesipun siswa sarujuk sanget tumrap media menika kangge sinau aksara Jawa wonten ing kelas saha wonten ing jawi kelas. Pamrayogi saking siswa antawisipun 1 Bukune apik, menarik, lan gampang dimangertos. Gambare apik lan basane lugas, trep. Bukune cilik gampang digawa- gawa, 2 Isi, gambar, pesan lan materi cekak dipunmangertos, bisa bermanfaat kangge siswa, kangge belajar bukunipun menarik, saha pamrayogi sanesipun. Perangan pamrayogi menika saged dipunpendhet dududtan bilih siswa sarujuk saha nyengkuyung wontenipun media buku menika. Siswa ugi remen sinau maos saha nyerat aksara Jawa ngginakaken buku menika awit bukunipun ingkang alit saha buku menika wontwn gambar, materi saha basa ingkang gampil dipunmangertosi siswa. Wondenene tuladha pamanggih ingkang dipunserat dening siswa wonten salebetipun angket saged dipunpirsani wonten ing gambar ngandhap menika. 1 Pamrayogi saking Firman A.K Gambar 26: Pamrayogi saking Firman A K 2 Pamrayogi saking Memehy Dwi.A Gambar 27: Pamrayogi saking Memehy Dwi.A Kualitas media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP sampun dipunbiji dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha sampun pikantuk pamanggih saking siswa kelas VIII. Evaluasi menika wigatos sanget kangge damel media ingkang sae. Wondene asiling pamiji kualitas media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi, saha sampun pikantuk pamanggih saking siswa kelaas VIII saged dipunpirsani wonten tabel ing kaca salajengipun.