KEMUTAKHIRAN MATERI ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

Indikator tebaning materi kaperang dados kalih tataran. Kalih tataran kalawau inggih menika tataran I saha tataran II. Validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking kualitas media menika sampun jumbuh kaliyan materi aksara Jawa ingkang wonten ing SMP. 2 Komplitipun materi Indikator komplitipun materi ugi kaperang dados kalih tataran. Validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Indikator menika kagolong kategori sae sanget katiti saking andharan materi-nipun ingkang wonten ing buku menika sampun komplit. b Keakuratan Materi PasPener Wonten ing cakupaning materi kaperang dados sakawan indikator. Wondene andharan pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap media wonten ing keakuratan materi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. 1 Konsep saha definisi akurat Indikator konsep saha definisi akurat wonten ing validasi tataran I pikantuk biji sae inggih menika 4, wondene validasi tataran II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Konsep basa wonten ing bab 1 dipunjangkepi dados kalih basa inggih menika basa krama saha dipunparingi basa ngapak kados materi sanesipun. 2 Tuladha gambar saha ilustrasi akurat Indikator tuladha gambar saha ilustrasi akurat ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking tuladha gambar saha ilustrasi sampun trep kaliyan materi ingkang wonten. 3 Konsistensi istilah saha simbol akurat Indikator konsistensi istilah saha simbol akurat wonten ing validasi tataran I pikantuk biji sae inggih menika 4, wondene validasi tataran II pikantuk biji 5 ingkang kagolong kategori sae sanget. Wonten ing validasi I dosen ahli materi suka pamrayogi supados pangangening istilah dipungatosaken saha dipunleresaken panyeratanipun. Sasampunipun dipunleresaken, wonten ing validasi tataran II pikantuk biji sae sanget awit sampun dipunleresaken bab pangangening istilah saha simbol. 4 Acuan pustaka akurat Indikator acuan pustaka akurat wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji 4 ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking acuan pustaka ingkang sampun wonten saha leres. c Kemutakhiran Materi Wonten ing cakupaning materi kaperang dados kalih indikator inggih menika indikator jumbuh kaliyan ipteks saha mutakhir. Wondene pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap media wonten ing kemutakhiran materi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. 1 Jumbuh kaliyan ipteks Indikator jumbuh kaliyan ipteks wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking media buku menika sampun jumbuh kaliyan ipteks.