TIPOGRAFI COVER BUKU ILUSTRASI COVER BUKU

Adhedhasar saking tabel wonten ing kaca saderengipun menika, saged dipunmangertos presentase biji kualitas media buku dening dosen ahli media tataran II. Asiling validasi tataran II perangan desain cover buku pikantuk presentase 80 ingkang kagolong kategori sae, kategori sae katiti saking desain cover buku sampun sae boten wonten revisi. Adhedhasar pamijining saking validasi tataran I saha tataran II sampun sae miturut pamijining dosen ahli media. Wondene andharan biji kualitas media buku menika perangan desain cover buku dening dosen ahli media saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. a Tata perangan cover buku Wonten ing aspek tata perangan cover buku kaperang dados 4 indikator. Wondene pamrayogi dening dosen ahli media tumrap media wonten ing aspek tata perangan cover buku kados ing ngandhap menika. 1 Tampilan tata perangan wonten ing sampul ngajeng, sampul wingking sampun laras harmonis, gadah wirama saha saged nyawiji Indikator tampilan tata perangan wonten ing sampul ngajeng, sampul wingking sampun laras harmonis, gadah wirama saha saged nyawiji wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae tegesipun tampilan tata perangan wonten ing sampul ngajeng, sampul wingking sampun laras harmonis, gadah wirama saha saged nyawiji. 2 Mujudaken center point ingkang sae Indikator mujudaken center point ingkang sae wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking tampilan cover wonten media buku menika sampun mujudaken center point ingkang sae. 3 Komposisi saha ukuran peranganing saking tata letakipun irah-irahan, panganggit, ilustrasi, lsp, gayut kaliyan isinipun Indikator komposisi saha ukuran peranganing saking tata letakipun irah- irahan, panganggit, ilustrasi, lsp, gayut kaliyan isinipun wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Tegesipun komposisi saha ukuran peranganing saking tata letakipun irah-irahan, panganggit, ilustrasi, lsp sampun gayut kaliyan isinipun media menika. 4 Tata perangan jumbuhaken fungsi isinipun buku Indikator tata perangan jumbuhaken fungsi isinipun buku wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Tegesipun tata perangan saha warnanipun cover sampun jumbuh kaliyan fungsi isinipun buku b Tipografi cover buku Wonten ing aspek tipografi cover buku kaperang dados tigang indikator inggih menika ukuran irah-irahan buku dominan, warna irah-irahan buku jumbuh kaliyan background, saha ukara ingang dipunginakaken komunikatif. Wondene pamrayogi dening dosen ahli media tumrap media wonten ing aspek tipografi cover buku kados ing ngandhap menika. 1 Ukuran irah-irahan buku dominan Indikator ukuran irah-irahan buku dominan wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae tegesipun ukuran irah-irahan cover buku menika sampun dominan.