Wosing Prakawis Ancasing Panaliten

G. Asumsi saha Winatesing Panaliten

1. Asumsi Panaliten a. Buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP menika saged dados sumber sinau kanthi mandiri kangge siswa bab materi sinau maos saha nyerat aksara Jawa. b. Siswa langkung ketarik kawigatosanipun satemah saged langkung remen sinau aksara Jawa kanthi mandiri. 2. Winatesing Panaliten a. Ujicoba dipuntindakaken namung wonten ing SMP N 1 Rowokele amargi winatesing wekdal, wragad, saha tenaga. b. Validitas produk namung saking ahli materi, ahli media, guru, saha ujicoba winates.

BAB II GEGARAN TEORI

A. Aksara Jawa

Aksara Jawa inggih menika warisan ingkang maha karya saking para sesepuh tiyang Jawi. Aksara Jawa kedah dipunlestantunaken, aksara Jawa ingkang baku asring dipusebut aksara legena inggih menika aksara ingkang cacahipun 20 aksara pokok, saha saben aksara wonten pasanganipun piyambak-piyambak ingkang ndandosaken aksara Jawa asipat konsonantal Mulyani, 2011:5. Aksara Jawa asipat silabik, tegesipun saben satunggal aksara nggambaraken satunggal wanda.

1. Cariyos Sejarahipun Aksara Jawa

Rumiyin wonten satunggaling pulo ingkang namanipun Pulo Majethi, wonten ing pulo menika wonten ksatria ingkang gagah prakosa ingkang namanipun Raden Ajisaka. Ajisaka gadah punggawa kalih inggih menika Dora kaliyan Sembada, punggawa menika satuhu setya sanget dhumateng Ajisaka boten nate mbalela dhawuhipun Ajisaka. Wonten ing sawijining dinten Ajisaka gadah kakajengan badhe tindak lelana tumuju ing pulo sasanesipun. Ajisaka dipunkancani namung kaliyan satunggal punggawanipun inggih menika Dora, wondene Sembada dipundhawuhi tetep wonten ing Pulo Majethi njagi pusakanipun Ajisaka. Pusakanipun Ajisaka boten kenging dipuntilar saha dipundhut tiyang sanes kajawi Ajisaka piyambak ingkang mundhut pusakanipun. Ajisaka tindak lelayaran, pungkasanipun Ajisaka manggihaken sawijining 6