Validasi Kualitas Media dening Guru Basa Jawi

menika dipuntindakaken kanthi cara ngisi angket utawi lembar evaluasi tumrap media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa menika.

a. Pamanggih saking Guru Basa Jawi

Miturut pamanggih guru basa Jawi, media buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP sampun sae saha sampun saged dipunginakaken. Media buku menika saged dipunginakaken katiti saking materi-ipun ingkang sampun jangkep, saged narik kawigatosanipun siswa, saha gampil dipunmangertos. Salajengipun guru basa Jawi suka pamrayogi kados wonten ing ngandhap menika. 1 Panyerating tembung wonten kaca 7 saha 9 Guru basa Jawi paring pamrayogi bilih wonten ing kaca 7 saha kaca 9 wonten tembung ingkang gathuk, manawi boten dipunleresaken saged damel bingung siswa ingkang maos media buku menika saged dipunwaos tembung ingkang enggal saking siswa ingkang dereng mangertos. Wondene andharan saha gambar tampilan panyerating tembung wonten ing kaca 7 saha 9 saderengipun revisi saha sasampunipun revisi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. a Tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 saderengipun revisi Wonten ing kaca 7 wonten tembung ingkang gathuk inggih menika tembung ”Ajisakamanggihakensawijining”, wonten ing kaca 9 wonten tembung “bilihKerajaan Medhangkamulankagungan. Manawi boten dipunleresaken saged damel bingung siswa ingkang maos. Wondene gambar tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 sasampunipun revisi saged dipunpirsani gambar wonten ing kaca salajengipun menika. Gambar 22: Tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 saderengipun revisi b Tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 sasampunipun revisi Wonten ing kaca 7 wonten tembung ingkang gathuk inggih menika tembung ”Ajisakamanggihakensawijining” dipundandosi dados tembung “Ajisaka manggihaken sawijining ”, bilih wonten ing kaca 9 wonten tembung “bilihKerajaan Medhangkamulankagungan” ingkang klentu dipundadosi dados tembung “bilih Kerajaan Medhangkamulan kagungan”. Wondene gambar tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 sasampunipun revisi saged dipunpirsani wonten ing gambar ngandhap menika. Gambar 23: Tampilan tembung wonten ing kaca 7 saha 9 sasampunipun revisi