5. Aksara Swara
Aksara swara dipunginakaken kangge nyerat aksara ngamanca. Aksara swara sajatosipun namung wonten gangsal, inggih menika a,i,e,u,o. Ananging re
saha le kalebet aksara swara ugi Mulyani, 2011:9, milanipun wonten ingkang mastani bilih aksara swara wonten pitu mila ing sangkalan swara awatak 7.
Aksara swara menika dipunandharaken wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 2: Aksara Swara Aksara Swara
a i
e u
o re
le
6. Aksara Rekan
Aksara rekan utawi aksara damelan menika kangge mujudaken aksara ngamanca, langkung-langkung aksara Arab Mulyani, 2011:8. Aksara menika
kathahipun wonten gangsal, inggih menika: kha, dza, fava, za, saha gha. Aksara rekan menika dipunandharaken wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 3: Aksara Rekan Aksara Rekan
kha dza
fava za
gha
7. Sandhangan Aksara Jawa
Sandhangan aksara Jawa inggih menika praboting aksara Jawa kangge mbedakaken ungeling wanda ing basa Jawi Mulyani, 2011: 10. Sandhangan ing
aksara Jawa wonten warni 3 inggih menika: sandhang swara, sandhangan panyigeg wanda, saha sandhangan wyanjana. Wondene andharanipun dipunserat
wonten ing ngandhap menika.
a. Sandhangan Swara
Sandhangan swara inggih menika sandhangan aksara Jawa ingkang fungsinipun nggantos fonem a wonten ing aksara Jawa legena dados swara
sanesipun Mulyani, 2012:34. Jinising sandhangan swara wonten gansal inggih menika: wulu, suku, pepet, taling, taling-tarung. Wondene ginanipun sandhangan
swara dipunandahraken wonten ing ngandhap menika. 1 Wulu inggih menika ndandosaken swanten dados i
2 Suku inggih menika ndandosaken swanten dados u 3 Pepet inggih menika ndandosaken swanten dados ê
4 Taling inggih menika ndandosaken swanten dados e 5 Taling-tarung inggih menika ndandosaken swanten dados o
Sandhangan swara tamtu wonten wujudipun. Wujud sandhangan swara menika saged dipunpirsani wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 4: Sandhangan Swara Sandhangan Swara
… Wulu i
… Suku u
… Pepet ê
… Taling e
… Taling tarung o
b. Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeg wanda Inggih menika sandhangan ingkang ndadosaken panyigeging wanda utawi nyigeg swara Mulyani, 2012:34,
sandhangan menika wonten. Jinising sandhangan panyigeg wanda wonten 4 inggih menika: layar, wignyan, paten, cecak. Wondene ginanipun sandhangan
panyigeg wanda dipupirsani wonten ing tabel ngandhap menika. 1 Layar inggih menika sandhangan ingkang ndandosaken fonem r wonten ing
aksara Jawa legena. 2 Wignyan inggih menika sandhangan ingkang ndandosaken fonem h wonten
ing aksara Jawa legena. 3 Paten utawi pangkon inggih menika sandhangan ingkang kangge nyigeg