KEMUTAKHIRAN MATERI JUMBUH KALIYAN KAWONTENAN SISWA

Tabel salajengipun 2 Mutakhir SS 5

D. JUMBUH KALIYAN KAWONTENAN SISWA

1 Trep kaliyan kahananipun siswa SS 5

E. KEPEKAAN DHATENG NILAI-NILAI

1 Ngewrat dhateng nilai-nilai budaya Jawi SS 5

F. MATERI PENDUKUNG

1 Nuwuhaken raos pengin mangertos SS 5 2 Nuwuhken kreativitas SS 5 Rata-rata presentase biji kualitas media dening dosen ahli materi tataran II perangan komponen kelayakan isi 98,3 Sae Sanget Adhedhasar saking tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi presentase pamijining kualitas media dening dosen ahli materi tataran II perangan komponen kelayakan isi inggih menika pikantuk presentase 98,3 kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking sadaya andharan sampun sae saha jangkep. Adhedhasar saking pamijining validasi tataran 1 saha tataran II, media buku ingkang dipundamel menika dipundandosi jumbuh kaliyan pamrayoginipun dosen ahli materi. Wondene andharan pamijining kualitas media perangan komponen kelayakan isi dening dosen ahli materi inggih saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. a Cakupan-ing Materi Wonten ing cakupaning materi kaperang dados kalih indikator inggih menika tebaning materi saha komplitipun materi. Wondene pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap indikator wonten ing cakupaning materi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. 1 Tebaning materi Indikator tebaning materi kaperang dados kalih tataran. Kalih tataran kalawau inggih menika tataran I saha tataran II. Validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget katiti saking kualitas media menika sampun jumbuh kaliyan materi aksara Jawa ingkang wonten ing SMP. 2 Komplitipun materi Indikator komplitipun materi ugi kaperang dados kalih tataran. Validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Indikator menika kagolong kategori sae sanget katiti saking andharan materi-nipun ingkang wonten ing buku menika sampun komplit. b Keakuratan Materi PasPener Wonten ing cakupaning materi kaperang dados sakawan indikator. Wondene andharan pamrayogi dening dosen ahli materi tumrap media wonten ing keakuratan materi saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. 1 Konsep saha definisi akurat Indikator konsep saha definisi akurat wonten ing validasi tataran I pikantuk biji sae inggih menika 4, wondene validasi tataran II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Konsep basa wonten ing bab 1 dipunjangkepi dados kalih basa inggih menika basa krama saha dipunparingi basa ngapak kados materi sanesipun. 2 Tuladha gambar saha ilustrasi akurat Indikator tuladha gambar saha ilustrasi akurat ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae sanget. Kalebet kategori sae sanget