Pangertosan Buku Buku Saku

D. Panaliten ingkang Laras

Panaliten ingkang laras inggih menika panalitan saking Hesty Mayasari ing 2011 ingkang awujud panaliten skripsi kanthi irah-irahan “Pengembangan Macromedia Flash sebagai Media Pamulangan Aksara Jawa untuk Siswa SMP N Tirtomoyo Kelas VIII ”. Panaliten saking Hesty caranipun ngempalaken data ngginakaken cara kuesioner. Panaliten ingkang dipuntindakaken dening Hesty Mayasari menika manggihaken bilih 1 pamijining saking dosen ahli materi bab kualitas media pasinaon dipunparingi presentase pamiji 98, 2 pamiji saking dosen ahli media bab kualitas media pasinaon dipunparingi presentase pamiji 88 3 pamiji saking guru bahasa Jawi bab kualitas media pasinaon dipunparingi presentase pamiji 83,3 4 pamiji saking siswa babagan kualitas media pasinaon pikantuk presentase pamiji 67,3. Kasil pamiji kualitas media pasinaon saking dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jaw media menika mlebet kategori “sae sange t”. Langkung kathah siswa ingkang sarujuk migunakaken media pasinaon ngangge CD ingkang migunakaken Macromedia Flash kangge materi aksara Jawa wonten pasinaon wonten ing kelas. Wonten ing panaliten Hesty, bab ingkang sami kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngginakaken materi aksara Jawa saha ngginakaken metode panaliten R D. Wondene bedanipun kaliyan panaliten menika inggih produk ingkang dipundamel, menawi panalitenipun Hesty damel media Macromedia flash kangge sinau aksara Jawa, dene panaliten menika damel buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP. Panaliten salajengipun ingkang laras inggih menika panaliten saking Sukron Riyadi ing 2012 ingkang awujud panaliten skripsi kanthi irah-irahan “Pengembangan Buku Saku Kebugaran Jasmani sebagai Panduan Latihan Siswa SMP ”. Panaliten Sukron menika ancasipun damel produk buku ingkang sae kangge sumber sinau kebugaran jasmani kangge siswa SMP. Wonten ing panalitenipun Sukron, bab ingkang sami kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngginakaken metode panaliten R D saha sami-sami damel produk buku kangge pasinaon. Dene bedanipun kaliyan panaliten menika inggih materi ingkang dipundamel, menawi panalitenipun Sukron damel media buku kangge sinau kebugaran jasmani siswa SMP, dene panaliten menika damel buku kangge sinau maos saha nyerat aksara Jawa siswa SMP. Panaliten pungkasan ingkang laras inggih menika panaliten saking Abdur Rahman ing 2007 ingkang awujud panaliten skripsi kanthi irah-irahan “Pengembangan Media Pembelajaran Membaca Aksara Jawa dengan Macromedia Flash MX ”. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten Abdur Rahman ngginakaken kuesioner. Wonten panaliten Abdur Rahman subjek panalitenipun inggih menika masarakat umum ingkang mbetahaken. Produk ingkang dipundamel saking panaliten Abdur Rahman dipun-ujicoba wonten ing masyarakat mawi budaya, pandamelan, saha yuswa ingkang beda. Dene wonten panaliten menika, subjek panalitenipun siswa SMP N 1 Rowokele, Kebumen. Saking panalitenipun Abdur Rahman saged dipunpendhet kasil panalitenipun bilih media Macromedia Flash ingkang dipundamel menika sae