ILUSTRASI ISI BUKU ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

tataran II. Asiling validasi tataran II perangan desain isinipun buku pikantuk presentase 80 ingkang kagolong kategori sae. Kategori sae katiti saking desain cover buku sampun sae boten wonten revisi. Kados pamrayogi wonten ing tataran I, sasampunipun dipun-revisi media buku menika sampun sae. Wondene andharan biji kualitas media buku menika perangan desain isinipun buku dening dosen ahli media saged dipunpirsani wonten ing ngandhap menika. a Tata letak isinipun buku Wonten ing aspek tata letak isinipun buku kaperang dados nem indikator. Wondene pamrayogi dening dosen ahli media tumrap media wonten ing aspek tata letak isinipun buku kados ing ngandhap menika. 1 Tata letakipun unsur-unsur konsisten miturut pola Indikator tata letakipun unsur-unsur konsisten miturut pola wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae tegesipun tata letakipun unsur-unsur sampun trep saha konsisten miturut pola. 2 Tata letak irah-irahanipun bab saha perangan sanesipun prawacana, pratelan isi, lsp ingkang seragamkonsisten Indikator tata letak irah-irahanipun bab saha perangan sanesipun prawacana, pratelan isi, lsp ingkang seragamkonsisten wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking tata letak irah-irahan bab saha perangan sanesipun prawacana, pratelan isi, lsp sampun trep saha konsisten utawi seragam. 3 Bidang cithak saha marjin proporsional Indikator bidang cithak saha marjin proporsional wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti bidang cithak saha marjin buku menika sampun trep saha proporsional. 4 Marjin antawisipun 2 kaca ingkang jejer proporsional Indikator marjin antawisipun 2 kaca ingkang jejer proporsional wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking marjin antawisipun 2 kaca ingkang jejer sampun proporsional. 5 Tata letakipun hiasanilustrasi background boten nggangu isinipun buku irah-irahan, teks, seratanipun kaca Indikator tata letakipun hiasanilustrasi background boten nggangu isinipun buku irah-irahan, teks, seratanipun kaca wonten ing validasi tataran I pikantuk biji kagolong kategori cekap. Kagolong kategori cekap amargi media buku menika taksih nganggu isinipun buku perangan hiasan wonten ing nginggil saha taksih kirang sae. Sasampunipun dipundandosi dipundamel underline saben hiasan ingkang wonten ing nginggil, wonten ing validasi tataran II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking hiasan sampun sae saha trep. 6 Tata letakipun irah-irahan, subjudul, ilustrasi boten nggangu pangretinipun Indikator tata letakipun irah-irahan, subjudul, ilustrasi boten nggangu pangretinipun wonten ing validasi tataran I saha II pikantuk biji ingkang kagolong kategori sae. Kalebet kategori sae katiti saking tata letakipun irah-irahan,