4 Taling inggih menika ndandosaken swanten dados e 5 Taling-tarung inggih menika ndandosaken swanten dados o
Sandhangan swara tamtu wonten wujudipun. Wujud sandhangan swara menika saged dipunpirsani wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 4: Sandhangan Swara Sandhangan Swara
… Wulu i
… Suku u
… Pepet ê
… Taling e
… Taling tarung o
b. Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeg wanda Inggih menika sandhangan ingkang ndadosaken panyigeging wanda utawi nyigeg swara Mulyani, 2012:34,
sandhangan menika wonten. Jinising sandhangan panyigeg wanda wonten 4 inggih menika: layar, wignyan, paten, cecak. Wondene ginanipun sandhangan
panyigeg wanda dipupirsani wonten ing tabel ngandhap menika. 1 Layar inggih menika sandhangan ingkang ndandosaken fonem r wonten ing
aksara Jawa legena. 2 Wignyan inggih menika sandhangan ingkang ndandosaken fonem h wonten
ing aksara Jawa legena. 3 Paten utawi pangkon inggih menika sandhangan ingkang kangge nyigeg
utawi kangge ngicalaken fonem a wonten ing aksara Jawa legena. 4 Cecak inggih menika sandhangan ingkang ndandosaken fonem ng wonten ing
aksara Jawa legena. Sandhangan panyigeg wanda tamtu wonten wujudipun. Wujud sandhangan
panyigeg wanda menika dipupirsani wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 5. Sandhangan Panyigeg Wanda Sandhangan Panyigeg Wanda
… layar r
… wignyan h
… paten
… cecak ng
c. Sandhangan Wyanjana
Sandhangan Wyanjana wonten tigang warninipun Mulyani, 2012:35. Wondene ginanipun sandhangan wyanjana dipunandahraken wonten ing
ngandhap menika 1 Cakra inggih menika gantosipun pasangan ra ing aksara Jawa legena
2 Keret inggih menika kangge gantosipun cakra pepet utawi re ing aksara Jawa legena
3 Pengkal inggih menika kangge gantosipun panjing ya wonten ing aksara Jawa legena,
Sandhangan wyanjana tamtu wonten wujudipun. Wujud sandhangan wyanjana menika saged dipupirsani wonten ing tabel kaca salajengipun menika.