c.      Bahan  Materials,  inggih  menika  format  ingkang  dipunginakaken  kangge nyimpen pesan pasinaon, kados buku, alat peraga, film, lsp.
d.   Alat device inggih menika arupi sadaya perangan ingkang fidik utawi asring dipunsebut  perangkat  keras,  ingkang  fungsi-nipun  kangge  nyamektakaken
bahan pasinaon, kados komputer, radio, tv, lcd, lsp. e.  Teknik  technic  inggih  menika  cara  ingkang  dipunginakaken  kangge
nerangaken  pasinaon  satemah  saged  kapendhet  ancasing  pasinaon  menika kados ceramah, diskusi, seminar, simulasi,  lsp.
f.  Latar  setting  inggih  menika  lingkungan  utawi  papan  ingkang  wonten  ing sekolah  utawi  ing  sanes  sekolah,  ingkang  sengaja  utawi  boten  sengaja
dipunsamektakaken    kangge    pasinaon    kados    perpustakaan,    ruang    kelas, kantor, museum, lsp.
3. Fungsi Sumber Sinau
Sumber  sinau  menika  fungsi-nipun  wigatos  sanget  ing  pasinaon.  Menawi media namung kangge ngandharaken pesan, nanging sumber sinau boten namung
menika.  Sumber  sinau  ugi  wonten  strategi,  metode,  saha  teknik-ipun.  Rusman 2008:130  ngandharaken  bilih  optimalisasi  sumber  sinau  kangge  mangsuli
prakawis  ingkang  wonten  ing  pamulangan  inggih  menika  pitakenan  ingkang dados  pedoman  inggih  menika  menapa  prakawis  pamulangan  ingkang  wonten?,
kadospundi sumber pasinaon menika saged mbiyantu ?, kadospundi sumber sinau menika  saged  maedahi  kangge  siswa  utawi  guru  ?,  pinten  laminipun  saged
dipunangge  ?,  menapa  sarana  ingkang  dipunbetahhaken  ?,  kadospundi anggenipun   dipuntemtokaken   mutunipun   ?,   menapa   sumber   menika   saged
dipungantos ?; kadospundi cara manggihaken ?. Sumber sinau menika fungsi-nipun mawarni-warni. Wondene saking manika
warni menika kaandharaken kados ing ngandhap menika. a.  Kangge ngindhakaken produktifitas pasinaon kanthi.
1  Langkung  cepet  proses  pasinaon  saha  saged  nggampilaken  guru ngginakaken wekdal ingkang trep utawi ingkang langkung sae.
2  Damel kirang beban guru maringi informasi pasinaon ing sekolahan. b.  Maringaken pasinaon ingkang individual kanthi cara.
1  Damel kirang kontrol guru ingkang kaku saha tradisional. 2  Siswa saged langkung kreatif saha berkembang.
c.  Maringaken dhasar ingkang langkung ilmiah ing pasinaonan kanthi cara. 1  Mujudaken rencana program pasinaon ingkang langkung sistematis.
2  Damel bahan pasinaon ingkang dipundhasari panaliten. d.  Mantepaken pasina kanthi cara.
1  Ngindhakaken kemampuan sumber sinau. 2  Penyajian informasi saha bahan ingkang langkung kongret.
e.  Manggihaken pasinaon ingkang sawetawis, inggih menika. 1  Ngirangaken  kesenjangan  pasinaonan  ingkang  asipat  verbal  saha  abstrak
kanthi realitas ingkang langkung kongret. 2  Maringaken pengetahuan ingkang sipatipun langsung.
f.   Manggihaken   pasinaonan   ingkang   langkung   jembar,   kanthi   maringaken informasi ingkang jembar.