Nalaring Panaliten GEGARAN TEORI

BAB III CARA PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Jinising panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika metode panaliten Researh and Development R D ingkang karembakakaken dening Borg Gall 1983:773 kanthi cara-cara utawi cara utama panaliten R D inggih menika 1 panaliten pendahuluan research and information collecting, 2 perencanaan planning, 3 pengembangan draft develop premiliminary form of product, 4 ujicoba winates premiliniary field testing, 5 revisi produk utama main product revision, 6 ujicoba lapangan main field testing, 7 Revisi produk operasional operational product revision, 8 ujicoba lapangan operasional operational field testing, 9 revisi produk pungkasan final product revision, 10 deseminasi saha implementasi diseemination and implementation. Wonten ing panaliten menika R D ingkang dipunginakaken nomer 1 dumugi nomer 5 kemawon awit winatesing sumber daya ingkang wonten. Lampahing panaliten ingkang sapisan inggih menika sinau literatur studi literature kangge nambah ilmu bab materi ingkang wonten ing panaliten menika. Kangge mantepaken argumen ingkang dipunpenggalih, inggih menika kanthi cara nindakaken studi lapangan saha observasi kangge mangertosi prakawis ingkang wonten. Menapa ingkang dipunpanggihaken salajengipun dipun-deskripsi-aken saha dipun-analisis kangge damel perencanaan. 26 Miturut kasil ingkang dipunpanggihaken saking studi literatur saha observasi, salajengipun inggih menika ngrantam draft ingkang awujud buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP. Saderengipun dipun-ujicoba, draft menika kedah dipun-review rumiyin. Sasampunipun draft menika valid saha reliabel, buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP menika salajengipun kedah dipun-ujicoba kanthi winates. Miturut kasil ujicoba ingkang winates menika, draft salajengipun dipun- evaluasi saha dipunleresaken. Sasampunipun dipunleresaken dipundamel produk media buku ingkang pungkasan. Wondene cara damel media buku ing panaliten menika saged dipunpirsani diagram wonten ing ngandhap menika. Studi Literatur Studi Lapangan Uji coba ingkang winates Evaluasi saha perbaikan Perencanaan, perancangan Penyusunan draft buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah- irahan “Caraka” Review Rancangan buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” Buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” Bagan 1 Diagram Alur Damel Buku kanthi Irah-Irahan Sinau Maos saha Nyerat Aksara Jawa “Caraka” kangge Siswa SMP

B. Cara PengembanganDamel Media

Miturut cara-cara panaliten pengembangan utawi RD ingkang dipunandharaken dening Borg Gall 1983:775, mila cara-cara panaliten pengembangandamel media menika saged dipunringkes mawi tataran-tataran kados ing ngandhap menika. 1. Panaliten PendahuluanAnalisis Kabetahan Wonten ing tataran menika, dipuntindakaken studi literatur kanthi cara pados referensi saking buku utawi pados wonten ing internet saha obsevasi wonten ing SMP Negeri 1 Rowokele, Kebumen, Jawa Tengah. Ancasing tataran menika kangge nambah kawruh ingkang gayut kaliyan materi ingkang dipunrembag saha pikantuk informasi prakawis ingkang wonten. Informasi ingkang dipunpanggihaken wonten ing tataran panaliten pendahuluan menika salejengipun dipun-analisis saha kasilipun dipunginakaken kangge ngrencanakaken pengembangandamel media ingkang dipundamel. 2. Perencanaan saha Perancangan Ngrancang Media Wonten ing tataran perencanaan menika dipuntindakaken analisis tugas, inggih menika kumpulan cara ingkang kangge nemtokaken wosing materi ingkang badhe dipunrembag. Analisis menika wonten analisis struktur isi. Materi ingkang dipunrembag trep kaliyan ingkang dipunbetahaken siswa kanthi adhedhasar Standar Kompetensi saha Kompetensi Dasar. Kasil saking tataran menika dipunginakaken kangge perencanaan draft.