Definisi Operasional Variabel Panaliten
siswa SMP menika. Lembar pamiji menika dipunaturaken dosen ahli materi, dosen ahli media saha guru basa Jawi kangge mangertosi layak menapa boten
buku sinau nyerat saha maos aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” menika
kangge sinau maos saha nyerat aksara Jawa siswa SMP. b. Lembar Panaliten Kelayakan Siswa
Lembar panaliten kelayakan siswa dipunparingaken siswa kangge mangertosi tingkat kelayakan buku sinau nyerat saha maos aksara Jawa kanthi
irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP miturut pamanggihipun siswa.
2. Jinising Data Data wonten ing panaliten menika awujud data kualitatif saha data
kuantitatif. Data kualitatif menika dipunpanggihaken saking pamijining kualitas produk buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan
“Caraka” kangge siswa SMP ingkang saged dipungginakaken kangge ngindhakaken
kualitas mutu produk. Menawi data kuantitatif dipunpanggihaken skor saking kuesioner ingkang dipunisi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa
Jawi saha siswa SMP.