CARANIPUN NDHAPUK MATERI PAMULANGAN JANGKEPING KAPUSTAKAN
                                                                                wonten ing caranipun ndhapuk materi pamulangan kados ing ngandhap menika. 1 Wedharan materi dhateng siswa
Indikator wedharan materi dhateng siswa wonten ing validasi tataran I saha II  pikantuk  biji  5  ingkang  kagolong  kategori  sae  sanget.  Kalebet  kategori  sae
sanget  katiti  saking  wedharan  materi  ingkang  dipuncawisaken  sampun  dhateng siswa.
2 Ngrembakakaken keterampilan proses Indikator ngrembakakaken ketrampilan proses wonten ing validasi tataran I
saha  II  pikantuk  biji  ingkang  kagolong  kategori  sae  sanget.  Kalebet  kategori  sae sanget  katiti  saking  materi  ingkang  wonten  ing  saben  bab  dipunwiwiti  saking
pangertosan, tuladha, lajeng gladhen. 3 Nuwuhaken komunikatif interaktif
Indikator  nuwuhaken  komunikatif  interaktif  wonten  ing  validasi  tataran  I saha  II  pikantuk  biji  ingkang  kagolong  kategori  sae  sanget.  Indikator  menika
kagolong  kategori  sae  sanget  katiti  saking  media  buku  menika  sampun  saged nuwuhaken komunikatif interaktif.
c   Jangkeping Kapustakan
Wonten  ing  aspek  jangkeping  kapustakan  namung  wonten  satunggal indikator  inggih  menika  indikator  ngewrat  kapustakan.  Indikator  kapustakan
wonten  ing  tataran  I  saha  II  pikantuk  biji  4  ingkang  kagolong  sae.  Kalebet  sae katiti  saking  media  menika  sampun  wonten  body  note,  saha  kapustakan  ingkang
sampun jangkep.
Sadaya  biji  kualitas  media  wonten  perangan  kelayakan  penyajian  dening dosen ahli materi mawi validasi tataran I saha tataran II.   Validasi tataran  I rata-
rata presentase biji pikantuk 93,3 ingkang kagolong kategori sae sanget. Dosen ahli materi suka pamrayogi supados dipungatosaken malih bab keakuratan materi
bab kontekstual saha kapustakanipun. Wonten ing validasi II rata-rata presentase biji  pikantuk  96,6  menika  kagolong  sae  sanget.  Dosen  ahli  materi  medharaken
bilih  media  buku  menika  sampun  sagedlayak  dipun-ujicoba  dhateng  siswa  SMP kanthi boten wonten revisi malih.
3 Validasi Kualitas Media dening Dosen ahli Materi Perangan Basa
Validasi  kualitas  media  perangan  basa  kaperang  dados  nem  aspek  ingkang dipunbiji,  saben  aspek  dipunperang  mawi  indikator-indikator  piyambak.  Validasi
dening  dosen  ahli  materi  tumrap  kualitas  media  perangan  basa  kaperang  dados kalih  tataran  inggih  menika  tataran  I  saha  tataran  II.  Wondene  asiling  validasi
kualitas media perangan basa dening dosen ahli materi saged dipunpirsani wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel 16: Asiling Validasi Kualitas Media Tataran I dening Dosen Ahli Materi Perangan Basa
No PERANGAN BASA
Tataran I Kategori
Skor A.  CETHA
1 Materi cetha
SS 5
2 Prasaja
SS 5