Klasifikasi Sumber Sinau Sumber Sinau

dipungantos ?; kadospundi cara manggihaken ?. Sumber sinau menika fungsi-nipun mawarni-warni. Wondene saking manika warni menika kaandharaken kados ing ngandhap menika. a. Kangge ngindhakaken produktifitas pasinaon kanthi. 1 Langkung cepet proses pasinaon saha saged nggampilaken guru ngginakaken wekdal ingkang trep utawi ingkang langkung sae. 2 Damel kirang beban guru maringi informasi pasinaon ing sekolahan. b. Maringaken pasinaon ingkang individual kanthi cara. 1 Damel kirang kontrol guru ingkang kaku saha tradisional. 2 Siswa saged langkung kreatif saha berkembang. c. Maringaken dhasar ingkang langkung ilmiah ing pasinaonan kanthi cara. 1 Mujudaken rencana program pasinaon ingkang langkung sistematis. 2 Damel bahan pasinaon ingkang dipundhasari panaliten. d. Mantepaken pasina kanthi cara. 1 Ngindhakaken kemampuan sumber sinau. 2 Penyajian informasi saha bahan ingkang langkung kongret. e. Manggihaken pasinaon ingkang sawetawis, inggih menika. 1 Ngirangaken kesenjangan pasinaonan ingkang asipat verbal saha abstrak kanthi realitas ingkang langkung kongret. 2 Maringaken pengetahuan ingkang sipatipun langsung. f. Manggihaken pasinaonan ingkang langkung jembar, kanthi maringaken informasi ingkang jembar.

C. Buku Saku

1. Pangertosan Buku

Buku miturut istilah inggih menika cendhela dunya, ukara ingkang asring kita sadaya mirengaken bab buku. Kita sadaya pikantuk kawruh saking maos buku, paedahing buku inggih menika kangge sinten kemawon ingkang maos buku menika. Badudu dan Zain 1996:217 ngandharaken buku inggih menika lembar kertas ingkang dipun-jilid, ingkang isinipun seratan utawi kosong: kitab. Buku inggih menika terbitan ingkang ngrembag informasi tartamtu ingkang dipundamel, dipunserat saboten-botenipun 64 kaca boten kapetang kaca sampul, dipun-terbit-aken dening penerbit utawi lembaga tartamtu, sarta wonten ingkang tanggung jawab bab isinipun ingkang wonten ing salebeting buku Darmono, 2007:65. Awit andharan menika saged kapendhet dudutan bilih buku inggih menika lembar kertas ingkang isinipun informasiingkang awujud seratan, ingkang kathahipun saboten-botenipun 64 kaca, ingkang dipun-terbit-aken dening penerbit saha saged dipundadosaken sumber pasinaon. Kajawi menika buku ugi lembar kertas ingkang kajilid.

2. Buku Saku

Buku Saku inggih menika buku ingkang ukuranipun alit satemah saged dipunlebetaken wonten ing sak rasukan saha saged dipunbekta wonten ing pundi- pundi Badudu dan Zain, 1996:217. Awit saking andharan menika saged dipunpendhet dudutan bilih buku saku inggih menika buku ingkang ukuranipun alit satemah saged dipunlebetaken wonten ing sak rasukan saha awit ukuranipun