Asumsi saha Winatesing Panaliten

pulo. Wonten ing pinggir pulo menika wonten tiyang sepuh ingkang katingal bingung menggalih satunggaling prakawis. Ajisaka mandhap saking kapal, Ajisaka gumun mirsani pulo menika ingkang sepen saha katingal wingit. Ajisaka nyuwun pirsa dhateng tiyang sepuh menika ingkang sajatosipun patih ing Kerajaan Medhangkamulan. Patih menika ngendika dhateng Ajisaka bilih Kerajaan Medhangkamulan kagungan raja ingkang kersa dhahar daging manungsa, nama ratunipun Prabu Dewatacengkar. Ajisaka nyuwun dhateng patih menika supados tumut ing kerajaan kangge dados dhaharanipun raja menika. Sajatosipun patih menika boten kersa, nanging Ajisaka meksa kemawon. Pungkasanipun patih kersa ngaturaken Ajisaka dhateng kerajaanipun. Sasampunipun dumugi ing Medhangkamulan Ajisaka kapanggih Prabu Dewatacengkar lajeng matur bilih Ajisaka purun dados dhaharanipun Prabu, nanging Ajisaka nyuwun bebana saderengipun kadhahar. Ajisaka menika nyuwun siti ingkang panjangnipun saiket ingkang dipunangge dening Ajisaka, nanging Prabu Dewatacengkar ingkang ngukur piyambak. Prabu Dewatacengar nyarujuki bebanipun Ajisaka. Salajengipun, Prabu Dewatacengkar miwiti narik iketipun Ajisaka. Ananging, iketipun Ajisaka panjang sanget boten pedhot-pedhot ngantos Prabu Dewatacengkar dumugi ing sapinggiripun samudra. Salajengipun, iketipun Ajisaka digibasaken dening Ajisaka ndandosaken Prabu Dewatacengkar dhawah ing samudra saha seda. Rakyat Medhangkamulan bingah sanget awit sedanipun Prabu Dewatacengkar. Pungkasanipun Ajisaka dipundadosaken raja wonten ing Medhangkamulan. Ajisaka mimpin kerajaan kanthi wicaksana, awit saking menika Ajisaka dipunhormati sanget dening rakyatipun. Ajisaka kemutan punggawa ingkang satunggal malih inggih menika Sembada, ingkang dipundhawuhi njagi pusakanipun. Salajengipun, Ajisaka ndhawuhi Dora supados methuk Sembada wonten Majethi. Wonten Majethi Dora kapanggih kaliyan Sembada ingkang saweg njagi pusakanipun Ajisaka, Dora matur kaliyan Sembada supados methuk piyambakipun ndherek ing Medhangkamulan. Mireng Dora matur samenika, Sembada boten pitados kaliyan Dora saha yakin bilih Dora menika goroh. Sembada tetep wonten ing pulo menika njagi pusaka ngantos Ajisaka piyambak ingkang mundhut. Pungkasanipun Dora kaliyan Sembada gelut nanging boten wonten ingkang kawon amargi sami-sami kiat. Ajisaka bingung amargi Dora boten wangsul-wangsul, Ajisaka emut bilih rumiyin piyambakipun dhawuh dhateng Sembada bilih boten kenging nilar pusakanipun kajawi piyambakipun ingkang mundhut. Ajisaka nusul Dora dhateng Majethi, sasampunipun dhateng Majethi Ajisaka manggihaken bilih Dora kaliyan Sembada sampun seda. Awit mirsani kadadosan ingkang makaten Ajisaka duka sanget saha rumaos lepat amargi ndadosaken Dora kaliyan Sembada gelut ngantos seda, nalika duka Ajisaka ngendika “hana caraka” “data sawala” “padha jayanya” “maga bathanga”, ingkang tegesipun wonten utusan, padha gelut, sami-sami kiat, dados bathang sadayanipun utawi sami-sami pejah. Cariyos menika kapendhet saking buku anggitanipun Muhammad Ali Sofi kanthi irah-irahan “Sinau Aksara Jawa untuk