Buku Teks Buku Saku

Panaliten salajengipun ingkang laras inggih menika panaliten saking Sukron Riyadi ing 2012 ingkang awujud panaliten skripsi kanthi irah-irahan “Pengembangan Buku Saku Kebugaran Jasmani sebagai Panduan Latihan Siswa SMP ”. Panaliten Sukron menika ancasipun damel produk buku ingkang sae kangge sumber sinau kebugaran jasmani kangge siswa SMP. Wonten ing panalitenipun Sukron, bab ingkang sami kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngginakaken metode panaliten R D saha sami-sami damel produk buku kangge pasinaon. Dene bedanipun kaliyan panaliten menika inggih materi ingkang dipundamel, menawi panalitenipun Sukron damel media buku kangge sinau kebugaran jasmani siswa SMP, dene panaliten menika damel buku kangge sinau maos saha nyerat aksara Jawa siswa SMP. Panaliten pungkasan ingkang laras inggih menika panaliten saking Abdur Rahman ing 2007 ingkang awujud panaliten skripsi kanthi irah-irahan “Pengembangan Media Pembelajaran Membaca Aksara Jawa dengan Macromedia Flash MX ”. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten Abdur Rahman ngginakaken kuesioner. Wonten panaliten Abdur Rahman subjek panalitenipun inggih menika masarakat umum ingkang mbetahaken. Produk ingkang dipundamel saking panaliten Abdur Rahman dipun-ujicoba wonten ing masyarakat mawi budaya, pandamelan, saha yuswa ingkang beda. Dene wonten panaliten menika, subjek panalitenipun siswa SMP N 1 Rowokele, Kebumen. Saking panalitenipun Abdur Rahman saged dipunpendhet kasil panalitenipun bilih media Macromedia Flash ingkang dipundamel menika sae kangge sinau aksara Jawa. Kawontenan makaten saged dipuntuweni saking pamiji kuesioner ingkang sarujuk ngginakaken media Macromedia Flash kangge sinau aksara Jawa. Wonten ing panalitenipun Abdur Rahman, wonten relevansi kaliyan panaliten menika inggih sami-sami ngginakaken metode panaliten R D saha sami-sami ngginakaken materi aksara Jawa. Dene bedanipun kaliyan panaliten menika inggih produk-ipun ingkang dipundamel, menawi panalitenipun Abdur Rahman produk-ipun media Macromedia flash kangge sinau aksara Jawa, dene panaliten menika produk-ipun buku sinau maos saha nyerat aksara Jawa kanthi irah-irahan “Caraka” kangge siswa SMP.

E. Nalaring Panaliten

Sumber sinau inggih menika sedaya ingkang wonten ing lingkungan pasinaon ingkang gadhah fungsi kangge mbiyantu kasiling pasinaon. Salah satunggaling jinis sumber sinau inggih menika awujud buku. Buku menika kathah jinisipun tuladhanipun inggih menika awujud buku saku. Buku saku inggih menika buku ingkang ukuranipun alit, satemah saged dipunlebetaken wonten ing sak rasukan saha saged dipunbekta wonten ing pundi kemawon. Wonten ing pasinaon padatanipun guru migunakaken buku teks. Buku teks ngandharaken katrangan ingkang dipunbetahaken siswa wonten pasinaon. Wonten ing panaliten menika buku saku ingkang dipundamel inggih menika buku sinau nyerat saha maos aksara Jawa.