Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Sewu Kutha

102 amargi boten wonten ingkang ngancani kados mawar ingkang boten wonten ingkang nyirami. Nyirami saged dipuntegesi maringi tresna ingkang tulus marang akuan puisi. b. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar Dhik. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Dik aku namung pingin Tresnamu ingkang setya lair bathin Oh dik sing tak suwun Sliramu aja gawe aku bingung Senadyan aku lagi nandang lara Senadyan uripku iki rekasa Tak jagane urip matimu Turu nganti tangimu Ngimpi nganti sak elingmu Tak jaga neng jero atiku Urip nganti sak matimu Aja- aja ninggalke aku Dik aja nganti Kowe lunga ninggalake aku dewe Dik aku namung pingin Tresnamu ingkang setya lair bathin Senadyan kowe lagi nandang lara Senadyan lagi nandang rekasa Saking sekar menika kanthi cara hermeneutik saged ateges tiyang ingkang dipuntresnani akuan puisi. Menawi dipuntingali kanthi cakepan sekar Dhik, wosing sekar menika ngrembag babagan tiyang ingkang tresna satuhu marang salah satunggaling kenya. Dhik wonten ing sekar menika bilih dipunwaos kanthi hermeneutik boten gadhah teges rayi ananging tiyang ingkang dipuntresnani, dados dhik wonten ing konteks sekar menika minangka sesulih saking tiyang ingkang dipuntresnani. Wonten ing pada sepisan bilih akuan puisi ngandharaken panyuwunipun supados kenya ingkang dipuntresnani gadhah tresna ingkang satuhu marang piyambakipun dik aku suwun tresnamu setya lair batin. 103 c. Pamaosing teks kanthi heuristik saha hermeneutik salebeting sekar Jambu Alas. Kanthi cara heuristik saged dipunwaos: Kelingan manis lan eseme Trus kelingan ramah gemuyune Tresna suci lan kasih Kasih sayange Karep atiku iki Kelakon dadi bojone Sayange wis duwe bojo Nangging aku iki ndhuk Wis kebacut tresna tenan Nelangsa rasa neng ati Yen aku kok nganti oRa kelakon melu duweni Jambu alas kulite ijo Sing digagas wis duwe bojo Ada gula ada semut Durung randha aja direbut Sumpah neng bathin Kula niki sampun kawin Nganti saiki mas Boten pingin golek ganti Sumpah neng bathin mas Kula niki sampun kawin Nganti saiki mas Dereng pingin golek ganti Jambu alas ndhuk manis rasane Senadyan tilas tetep Tak enteni randhane Menawi dipunwaos kanthi hermeneutik cakepan sekar Jambu Alas, wosing sekar menika ngrembag babagan tiyang ingkang tresna marang wanudya ingkang sampun gadhah garwa satuhu marang salah satunggaling kenya Sayange wis duwe bojo, nangging aku ndhuk wis kebacut tresna. Salebeting cakepan sekar Jambu Alas ugi nyariosaken bilih wanudya kalawau boten purun dipundadosaken garwa amargi sampun gadhah semah, dados wanudya menika tansah setya marang semahipun Sumpah neng batin kula niki sampun kawin, nganti saiki boten pengen golek ganti. Saking tresnanipun marang wanudya kalawau tiyang jaler ingkang kebacut tresna saged nengga ngantos dados randha Senadyan tilas tak enteni randane.