97
dipunginakaken kangge nedahaken gegayutan sabab kadadosan perawan ingkang nangis amargi wedi dhumateng peksinipun tiyang sepuh kalawau.
Kucoba-coba  melempar  manggis  Manggis  kulempar  mangga  ku  dapat Kucoba-coba melamar gadis Gadis ku lamar janda ku dapat
Fungsi  simbol  wonten  ing  cakepan  dipunginakaken  kangge  nedahaken gayutan  ingkang  asipat  boten  alami  utawi  arbriter.  Simbol  wonten  ing  cakepan
menika  nendahaken  salah  satunggaling  tiyang  ingkang  nyobi  nglamar  gadis. Fungsi  simbol  sanesipun  inggih  menika  nendahaken  salah  satunggaling  tiyang
ingkang pikanthuk janda sanajan nglamar gadis.
h. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Stasiun Balapan
Wonten  ing  cakepan  sekar  Stasiun  Balapan  anggitanipun  Didi  Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar
Stasiun Balapan saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Neng  Stasiun  Balapan  Kutha  Solo  sing  dadi  kenangan  Kowe  karo  aku
Nalika ngeterke lungamu
Fungsi  ikon  wonten  ing  cakepan  dipunginakaken  kangge  nedahaken penandha  saha  pratandha  gadhah  arupi  ingkang  sami  utawi  gadhah  sipat  alami.
Ikon  wonten  ing  cakepan  menika  kangge  nyebataken  panggenan  minangka  ikon saking  salah  satunggaling  kutha,  wonten  ing  konteks  bilih  Stasiun  Balapan
minangka ikon saking kutha Solo. Dah... Dadah sayang Dah... Slamat jalan
Ikon  wonten  ing  cakepan  menika  kangge  nedahaken  salah  satunggaling aktivitas ngebahaken asta minangka tandha sugeng tindak.
98
Neng  Stasiun  Balapan  Rasane  kaya  wong  kelangan  Kowe  ninggal  aku Ra krasa netes eluh neng pipiku
Fungsi  indeks  wonten  ing  cakepan  dipunginakaken  kangge  nedahaken sabab  kadadosan.  Indeks  wonten  ing  cakepan  menika  dipunginakaken  kangge
nedahaken  gegayutan  sabab  kadadosan  tiyang  ingkang  nangis  amargi  sedih dipuntilar tiyang ingkang dipuntresnani.
Jare  lunga  mung  sedhela  Malah  tanpa  kirim  warta  Lali  apa  pancen nglali Yen eling mbok enggal bali
Indeks  wonten  ing  cakepan  menika  dipunginakaken  kangge  nedahaken gegayutan sabab kadadosan raos kangen amargi dipuntilar pamite namung sedhela
ananging malah ngantos saniki boten kondur.
i. Fungsi Unsur Semiotik Salebeting Sekar Sewu Kutha
Wonten  ing  cakepan  sekar  Sewu  Kutha  anggitanipun  Didi  Kempot kapanggihaken fungsi unsur semiotik. Fungsi unsur semiotik saking cakepan sekar
Sewu Kutha saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika. Sewu kutha uwis tak liwati Sewu ati tak takoni Nanging kabeh Pada ra
ngerteni Lungamu neng endi Fungsi  simbol  wonten  ing  cakepan  dipunginakaken  kangge  nedahaken
gayutan  ingkang  asipat  boten  alami  utawi  arbriter.  Simbol  wonten  ing  cakepan menika  nedahaken  kawontenanipun  tiyang  ingkang  sampun  nglampahi  kathah
kutha  kangge  nemoni  tiyang  ingkang  dipuntresnani.  Fungsi  simbol  sanesipun saking  cakepan  ing  inggil  inggih  menika  nedahaken  kawontenanipun  tiyang
ingkang  sampun  nyuwun  priksa  dhumateng  kathah  tiyang  babagan  dunungipun tiyang ingkang dipuntresnani.