Underaning Perkawis ANALISIS SEMIOTIK CAKEPAN SEKAR CAMPURSARI ANGGITANIPUN DIDI KEMPOT ALBUM MUNAJAT TRESNA.

9 BAB II GEGARAN TEORI

A. Karya Sastra Jawa

1. Geguritan

Karya sastra Jawi wonten maneka warni wujudipun. Wujud karya sastra menika wonten ingkang arupi gancaran saha arupi sekar. Salah satunggaling karya sastra ingkang awujud gancaran inggih menika geguritan. Geguritan wonten ing Indonesia dipunsebat puisi. Puisi miturut para ahli dipunandharaken wonten ing ngandhap menika. Pradopo 2012 : 306-307, ngandharaken titi mulaning istilah puisi menika saking basa Walandi poezie. Sajarahipun ing Walandi menika wonten kalih istilah inggih menika poezie saha gedicht. Poezie puisi langkung nedahaken jinis karya sastra ingkang arupi prosa utawi gancaran. Gedicht inggih menika pribadhinipun individu karya sastra. Menika jumbuh ing basa Inggris wonten istilah poetry minangka jinisipun karya sastra puisi, saha poem minangka pribadhinipun indvidu. Pradopo 2012 : 307, ugi nambahi bilih antawisipun jinis karya sastra kaliyan pribadhinipun individu kedah dipunbedakaken. Sami kaliyan andharan Pradopo ing inggil, Subalidinata 1994 : 18, ngandharaken bilih kasusastran Jawi menika kaperang dados kalih jinis, inggih menika kanthi ‘basa gancar’ kaliyan ‘basa pinathok’. Basa pinathok inggih menika basa kangge karya sastra ingkang kaanggit mawi mawarni-warni paugeranipun. Ingkang ngewrat rumpakan wohing kasusastran ingkang rinakit mawi basa pinathok inggih menika; Kakawin, Kidung, Tembang Gedhe, Suluk, 10 Tembang Tengahan, Tembang Macapat, Parikan, Wangsasaha saha Geguritan. Saking andharan menika saged dipuntingali bilih geguritan menika kalebet salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang ngewrat basa pinathok. Saking pamanggihipun Subalidinata kalawau, lajeng saged dipunmangertosi bilih ‘basa pinathok’ menika ingkang dipunsebat poezie Walandi, poetry Inggris, puisi Indonesia, inggih menika minangka jinis saking karya sastra. Wondene individu utawi pribadhinipun karya sastra menika wonten ing kasusastran Jawi dipunsebat geguritan utawi gedicht Walandi, poem Inggris, puisi Indonesia. Andharan-andharan ing inggil menika ngengingi titi mulaning geguritan, awit saking menika taksih dereng cekap kangge mangertosi teges saking geguritan. Langkung jangkep malih bilih dipunandharaken tegesipun geguritan saking para ahli, saengga saged mangertosi menapa teges saking geguritan. Miturut Riffaterre ing Faruk, 2012 : 140-141, geguritan menika minangka sistem makna struktural. Tegesipun, sinaosa sampun nglampahi maneka warni ewah-ewahan wonten ing gumiliring sajarah ingkang dangu, ananging geguritan tansah gadhah satunggal titikan ingkang wigati. “Puisi mengekspresikan konsep-konsep dan benda-benda secara tidak langsung. Sederhananya, puisi mengatakan satu hal dengan maksud hal lain’’ Riffaterre, 1978 : 1. Tegesipun, geguritan menika ngandharaken gagasan kanthi boten langsung. Geguritan menika ngandharaken satunggal bab kanthi ancas ingkang sanes. Geguritan gadhah cara ngandharaken makna saha wosing geguritan kanthi sinandi